Afrodit
| Afrodit | |
|---|---|
Patung Afrodit ing Muséum Arkéologi Nasional, Athena |
|
| Dèwi katresnan, kacantikan, dan sèksualitas | |
| Simbul | Lumba-lumba, mawar, kécé, tetanduran myrtle, manuk dara, manuk gréja, pengilon, korsèt lan banyak |
| Pasangan | Hefaistos, Ares, Poseidon, Hermes, Dionisos, Adonis, lan Ankhises |
| Wong tuwa | Uranus (vèrsi liya nuduhaké yèn wong tuwané yaiku Zeus lan Dione) |
| Sedulur | Nimfa wit, Erinyes, lan para Gigant |
| Anak | Eros,[1] Fobos, Deimos, Harmonia, Pothos, Hedilogos, Anteros, Himeros, Hermafroditos, Rhodos, Rhode, Nemesis, Eriks, Peitho, Tikhe, Eunomia, Kharites, Sisifos, Priapos lan Aineias |
| Kendaraan | Kréta perang sing ditarik banyak putih utawa para Erotes |
| Padanan jroning mitologi Romawi | Venus |
| Padanan jroning mitologi Etruska | Turan |
Afrodit (basa Yunani: Ἀφροδίτη) yaiku dèwi katresnan, kacantikan, lan sèksualitas ana ing mitologi Yunani.[2][3] Ana rong vèrsi lègendha kang béda ngenani kalairané Afrodit.[3][2] Vèrsi pisanan nyebutaké yèn Afrodit iku putri saka Zeus lan Dione, nanging lègendha iki kurang populèr.[1] Vèrsi kaping loro yaiku adhedhasar marang Theogonia karya Hesiodos, kang nyebutaké yèn Afrodit dilairaké saka alat kelamin Uranus kang ditugel déning Titan Kronos lan diuncalaké menyang segara.[3] Alat kelamin iku banjur katutu déning buih segara lan saka buih-buih iku mau banjur Afrodit lair.[3] Merga ayuné, para déwa kewedèn yèn Afrodit bakal nyebabaké papecahan ana ing antarané para déwa, mula saka kuwi Zeus banjur ngramaké Afrodit karo Hefaistos.[3] Nanging Afrodit duwé katresnan kang akèh saka kalangan déwa, kaya Ares, utawané saka kalangan manungsa, kaya Ankhises.[3]
Afrodit yaiku tokoh wigati ana ing lègendha Eros lan Psikhe, lan uga dadi ibu angkat lan uga dadi pacangan saka Adonis.[3] Akèh manungsa lan déwa minor kang disebut-sebut dadi anak saka Afrodit.[3] Salah siji putra saka Afrodit kang misuwur yaiku Eros (Cupid), déwa asmara.[3][2][1]
Afrodit uga ditepungi dadi Kithireia (Wanita saka Kythira) lan Kipris (Wanita saka Siprus) merga kaloro panggonan mau dianggep dadi panggonan kalairané Afrodit.
Ana ing mitologi Romawi, dhèwèke ditepungi dadi Venus.[2] Wong Yunani uga ngidhèntikaké dèwi Mesir kuna, Hathor, karo Afrodit.[4]
Afrodit duwé jeneng liyané kaya Akidalia, Kythereia lan Kerigo, kang digunakaké ana ing sawijining dhaérah ing Yunani.[4]
Tanduran myrtle, manuk dara, manuk gréja, jaran lan banyak dikramataké kanggo dhèwèke.[3][2]
[sunting] Cathetan sikil
[sunting] Pranala njaba
- (en) Afrodit di Theoi Project
- (en) Greek Mythology: Who is Aphrodite?
- (en) The Glory which Was Greece from a Female Perspective
- (en) Himne Sappho untuk Afrodit
| Dewa-Dewi Yunani |
|---|
| Titan dan Dewa-Dewi Olimpus |
| Déwa Segaré Déwa Liyané |
| Déwa-Déwi Olimpus |
| Daftar tokoh mitologi Yunani |