Gunung Olimpus
| Gunung Olimpus | |
|---|---|
Gunung Olimpus dideleng saka Litochoro. |
|
| Dhuwur | Cithakan:Convert/LonAoffDbSoff</noinclude> |
| Lokasi | Yunani |
| Rangkaian | Olimpus |
| Koordinat | 40°05′0″N 22°21′0″E / Kaluputan èksprèsi: Operator < ora kaduga Kaluputan èksprèsi: Operator < ora kadugaKoordinat: 40°05′0″N 22°21′0″E / Kaluputan èksprèsi: Operator < ora kaduga Kaluputan èksprèsi: Operator < ora kaduga |
| Rute pendakian paling gampang | muncak (mendaki) |
Gunung Olimpus kalebu gunung kang paling dhuwur kang manggon ing Yunani.[1] Gunung kang dhuwuré 2919 meter[1] iki manggon kurang luwih 100 km saka Thessalonika, kutha kang gedhéné nomer loro ing Yunani.[2] Gunung iki manggon ing antarané kutha Tesalonika lan Makedonia.[1] Gunung iki misuwur akèh tandurané.[1]
Puncak kang paling dhuwur ing gunung iki yaiku Mitikas. Dhuwuré yaiku 2919 meter.[1] Ing basa Yunani Mitikas tegesé irung.[1] Mitikas uga dadi puncak kang paling dhuwur ing Yunani. Sawisé Mitikas puncak kang paling dhuwur yaiku Skolio kang dhuwuré 2912 meter.[1]
Saben pendakian kang tujuwané Gunung Olimpus, kawiwitan saka kutha Litochoro kang biyasané diarani kuthané para Déwa awit papané kang manggon ing sikil Gunung Olimpus.[2]
Gunung Olimpus dikenal dadi gunung kang dienggoni para déwa.[2] Gunung iki dadi omahé para déwa.[2] Olimpus tetep keker nalika ana angin lan udan, uga nalika ana udan salju. Olimpus tetep resik lan kétok ana mégané kang resik.[2]
Gunung Olimpus kacathet dadi gunung kang sugih tanduran lan spesies endemik.[2] Gunung iki dadi taman Nasional kang ijo lan dadi biosfer donya kang kudu dijaga.[2]
Gunung Olimpus lan taman nasional ing sakupengé gunung dipilih dadi motif utama kanggo koin euro kang dhuwur pangajiné yaiku: €10 National Park Olympus commemorative coin, kang dicithak taun 2005.[1]