Garudha

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Garudha
Garudha miturut I Made Tlaga
Lukisan I Made Tlaga, seniman Bali, abad kaping-19. Saiki lukisan iki disinggahaké ing Universitas Leiden.
Jeneng miturut basa
Basa Sangskreta Garuḍa
Basa Pāli Garuḷa
Jeneng miturut aksara
Dewanagari गरुड
aksara Bali Garuda-Bali.png
aksara Jawa Garuda-Jawa.png
Garuda uga bisa ngrujuk ing maskapé pamaburan Indonesia, Garuda Indonesia.

Garudha (pasang aksara basa Sangskreta: Garuḍa, basa Pāli: Garuḷa) iku salah sijining déwa ing agama Hindhu lan Buddha. Dhèwèké wahana Bathara Wisnu, salah siji Trimurti utawa manifestasi Gusti Allah ing agama Hindhu. Garudha digambaraké nduwé awak emas, arupa putih, nduwé suwiwi abang. Cucuk lan suwiwiné mèmper manuk elang, anging awaké kaya manungsa. Ukurané gedhé dadi bisa ngalang-ngalangi srengéngé.

Bab lan Paragraf

[sunting] Dasanama Garudha

Garudha nduwé akèh dasanama:

[sunting] Jeneng-jeneng liya Garudha

  • Kaśyapi
  • Wainateya
  • Suparna
  • Garutmān
  • Dakṣāya
  • Śālmalin
  • Tārkṣya
  • Wināyaka

[sunting] Jeneng-jeneng paraban

  • Sitānana, 'rai putih’.
  • Rakta-pakṣa, ‘suwiwi abang’.
  • Śweta-rohita, ‘sang putih abang’.
  • Suwarṇakāya ‘awak emas’.
  • Gaganeśwara ‘raja langit’.
  • Khageśwara, ‘raja manuk'.
  • Nāgāntaka, 'sing matèni naga’.
  • Pannaganāśana, ‘sing matèni naga’.
  • Sarpārāti, ‘musuh ula-ula’.
  • Taraswin, ‘sing gelis’.
  • Rasāyana, ‘sing gelis’.
  • Kāmachārin, ‘sing seneng lunga karepé dhéwé’.
  • Kāmāyus, ‘sing urip seneng’.
  • Chirād, ‘mangan akèh’.
  • Wiṣṇuratha, ‘wahana Wisnu’.
  • Amṛtāharaṇa, ‘maling amreta’.
  • Sudhāhara, ‘maling’
  • Surendrajit, ‘panakluk Indra’.
  • Bajrajit, ‘panakluk kilat’.

[sunting] Lambang negara

Garudha iku uga dienggo dadi lambang negara Indonesia, Thailand lan negara-negara liyané.

[sunting] Lambang kutha

Garudha dienggo dadi lambang ibu kutha Mongolia, Ulan Bator.


Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Garudha&oldid=619911"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès