Linguistik
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Linguistik iku ngèlmu sing nyinaoni basa. Dadi linguistik uga bisa diarani "Ngèlmu basa". Sanadyan linguistik iku ngèlmu basa, ananging ngèlmu iki séjé karo yèn nyinaoni basané dhéwé. Uga bisa diomongaké yèn ngèlmu basa iku ngèlmu méta. Dadi ing sadhuwuring basa dhéwé. Linguistik nyinaoni sipat-sipate basa awit saka pocapan nganti tulisan.
Linguistik iku duwé maneka warna cabang, kayata:
- Fonetik lan Fonologi utawa widyaswara
- Morfologi utawa widyatembung
- Sintaksis utawa widyaukara
- Semantik utawa widyamakna
- Pragmatik
- Leksikologi dan Leksikografi
- Etimologi
- Onomastika utawa ngelmu babagan jeneng.
- Dialektologi
- Sosiolinguistika
- Psikolinguistika
- Neurolinguistika
- grafologi
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.
| Cabang utama jroning Èlmu sosial |
|---|
| Antropologi | Ékonomi | Géografi | Linguistik | Manajemen | Pendhidhikan | Èlmu pulitik | Psikologi | Sajarah | Sosiologi |