Dagestan
Republik Dagestan (Basa Rusia: Респу́блика Дагеста́н) yaiku salah siji wilayah konstituèn Federasi Rusia.[1] Terjemahan jeneng republik menyang basa Inggris yaiku Respublika Dagestan[1]. Dagestan yaiku republik paling gedhe kang ana ing Rusia kang panggoné ana ing sisih lor Kaukasus.[1]
Bab lan Paragraf |
[sunting] Sejarah
Dagestan ana 9ng kakuwasan saka republik modern Federasi Rusia nalika taun 1991.[1] Pemimpin kaum Muslim kang misuwur yaiku Imam Shamil asal saka Dagestan lan kalebu ing ètnis Avar.[1] Taun 1999, salah siji grup fundamentalis Muslim saka Chechnya kang dipandhégani déning Shamil Basayev, bareng karo kaum muslim lokal, nglancaraké pambrontakan kang wurung ing Dagestan.[1] Peristiwa mau banjur duwe tekad kanggo nyerang Chechnya nalika taun kuwi uga.[2] Ing taun 2005, Mayor Jenderal Magomed Omarov, wakil menteri dalam negeri, dipateni ing Makhachkala.[2] Insiden iki kadadean saksasi sakwise para pejabat dilaporake wis nyagah insiden kang kaya krisis penyanderaan sekolah Beslan.[2]
[sunting] Pulitik
Kepala pemerintahan Dagestan yaiku presiden.[2] Wiwit taun 2004, Presiden Dagestan yaiku Magomedali Magomedovich Magomedov.[2]
[sunting] Agama
Luwih saka separo masyarakat Dagestan nganut agama Islam.[2] Kaya akèh-akèh wilayah Kaukasus liyané, kaum Islam pribumi Dagestan nganut printah Sufi kang wis ana abad-abad silam.[2] Akhir-akhir taun iki, ketegangan lan uga huru-hara sering kadaden antarane pemerintah lokal Sufi lan misioner Wahhabi kang teka ing wilayah iku kanggo nyebarake ajaran Wahhabisme.[2]
[sunting] Cathetan Suku
[sunting] Pranala njaba
- Situs resmi Dagestan (Dalam bahasa Rusia)
Cithakan:Cities and towns in Dagestan Cithakan:Rusia-geo-stub