St. Petersburg
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
| Saint Petersburg (Basa Inggris) Санкт-Петербург Sankt-Peterbúrg (Basa Rusia) |
|
|---|---|
The English Embankment with Saint Isaac's Cathedral |
|
Location of Saint Petersburg in Europe |
|
| Coordinates Cithakan:Coord/display/inline,title |
|
| Coat of Arms | Flag |
| City Day: 27 Mei | |
| Political status Federal district Economic region |
Federal city Northwestern Northwestern |
| Kodhe | 78 |
| Area | |
| Wewengkon | Cithakan:Km2 to sq mi |
| Population (as of the 2002 Census) | |
| Populasi - Rank - Density |
4.662.547 inhabitants ka-2 7.694/km² (19.927,4/sq mi) |
| Pamaréntah | |
| Kepala | Valentina Matviyenko (UR) |
| Badan legislativ | Legislative Assembly |
| Charter | Charter of Saint Petersburg |
| Events | |
| Madeg | 27 Mei, 1703 |
| Dadi ibukutha Rusia | 8 Mei, 1713 |
| Ganti jeneng Petrograd | 31 Agustus, 1914 |
| Ibukutha pindhah maneh menyang Moskwa | 1918 |
| Ganti jeneng Leningrad | 26 Januari, 1924 |
| Ganti jeneng St. Petersburg | 1 November, 1991 |
| Other information | |
| Kodhe pos | 190000–199406 |
| Dialing code | +7 812 |
| Official website | |
| http://eng.gov.spb.ru/ http://www.st-petersburg.ru/en/ |
|
St. Petersburg (
rungokna (basa Rusia: Санкт-Петербу́рг, antara taun 1914-24 disebut Petrograd, antara taun 1924-91 disebut Leningrad) kuwi sawijining kutha ing Rusia.
St. Petersburg saiki dadi pusat pamaréntahan kawasan Leningrad, senadyan statusé minangka sawijining kutha federal. Kutha iki minangka kutha plabuhan ing pinggir Kali Neva lan Teluk Finskiy. Pedunungé ana 4.661.219 jiwa (2002). Ing tapel wates kutha ana luwih saka 40 kali lan kurang luwih 20 terusan banyu.
St. Petersburg kuwi pusat industri wigati, ilmu lan budaya lan nduwèni prusahaan kang gawé mesin, industri wesi waja, kimia, industri ènthèng lan bahan panganan. Kutha iki wis nduwèni sistem sepur ngisor lemah (metro) wiwit taun 1955.
Pusat kuthané minangka Situs Warisan Donya UNESCO.
[sunting] Sajarah
St. Petersburg diadegaké déning Peter Agung ing taun 1703. Taun 1712-28 lan 1732-1918 dadi ibukutha Rusia. Panggonan pecahé revolusi Februari lan Revolusi Oktober 1917. Wektu Perang Donya II kutha iki dikepung déning pasukan Jerman jroning 900 dina (1941-44), nanging ora tau nyerah.
[sunting] Panggonan
Akèh institut panyelidikan ilmiah dumunung ing St. Petersburg, kalebu cabang Akademi Ilmu Rusia, 43 perguruan tinggi antara liya Universitas Negara St. Petersburg, 16 teater (Mariinskiy, Teater Opera lan Balet, Teater Drama Gedhé), Perpustakaan Nasional Rusia (ana sawetara manuskrip Melayu kalebu Sajarah Melayu kang digawa déning Laksamana I. F. Kruzenshtern ing pelayarané taun 1798), 47 museum: kang paling misuwur Hermitage kang sugih kolèksi lukisan, reca, permadani lsp. saka saidhenging donya, Russky Muzey (Museum seni lukis Rusia), Museum antropologi lan etnologi (biyèn Kunstkammer) kanthi kolèksi etnografi Indonésia, Museum Memorial Pushkin.
Saliyané kuwi, ana akèh panggonan nyengsemaké paninggalan zaman biyèn, antara liya Reca Peter Agung (1782), Istana Musim Salju (1754-62), Bèntèng Petropalovskaya (1703), Taman Musim Panas, Gréja Isaakiy (1818-58). Dianugerahi gelar Kutha Pahlawan (1945). Ora adoh saka St. Petersburg dumunung kutha Petrodvorets kanthi Istana tsar lan taman kang kebak pancuran banyu.
[sunting] Pranala njaba

