Kodhe pos
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Kodhe pos yakuwi rangkaian angka lan/utawa aksara sing ditambahaké ing alamat layang kanggo nggampangaké prosès pamilahan layang ing Kantor Pos.
Negara sing pisanan nganggo sistem kodhe pos yakuwi Jerman ing taun 1941, banjur diiloni Inggris ing taun 1959 lan Amérika Sarékat ing taun 1963.
Nganti sasi Februari 2005, 117 saka 190 negara anggota Universal Postal Union wis nduwèni sistem kodhe pos dhéwé-dhéwé. Sawetara negara sing ora nduwèni sistem kode pos antara liya Irlandia, Hong Kong, Panama lan Vietnam.
[sunting] Kodhe pos ing Indonesia
Kodhe pos ing Indonesia dumadi saka limang digit angka.
- Digit pisanan ngarujuk marang Provinsi:
- 1: Jabodetabek
- 2: Aceh, Sumatra Lor, Sumatra Kulon, Riau, Kapuloan Riau
- 3: Bengkulu, Jambi, Bangka Belitung, Sumatra Kidul, Lampung
- 4: Banten, Jawa Kulon
- 5: Jawa Tengah, Yogyakarta
- 6: Jawa Wétan
- 7: Kalimantan
- 8: Bali, Nusa Tenggara
- 9: Sulawesi, Maluku, Papua
- Digit kaloro ngarujuk marang Kutha
- Digit katelu ngarujuk marang Kabupatèn
- Digit kapapat ngarujuk marang Kecamatan
- Digit kalima ngarujuk marang Kelurahan
Kajaba mligi tumraping kodhe pos Jakarta:
- Digit katelu ngarujuk marang Kecamatan
- Digit kapapat ngarujuk marang Kelurahan
- Digit kalima padha karo 0
[sunting] Pranala jaba
| Artikel perkawis komunikasi menika taksih awujud tulisan rintisan. Panjenengan saged mbiyantu Wikipedia ngembangaken. |

