Suriname

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Republic of Suriname
Republiek Suriname (Walanda)
MottoJustitia - Pietas - Fides  (Latin)
"Kaadilan - Kawajiban - Loyalitas"
Lagu kabangsanGod zij met ons Suriname   (Walanda)
('Muga Gusti Allah karo kita Suriname')

Ibu kutha
(lan kutha paling gedhé)
Paramaribo
5°50′N 55°10′W / Kaluputan èksprèsi: Operator < ora kaduga Kaluputan èksprèsi: Operator < ora kaduga / Kaluputan èksprèsi: Operator < ora kaduga; Kaluputan èksprèsi: Operator < ora kaduga
Basa resmi Walanda
Basa dhaérah
sing diakoni
Sranan Tongo, Hindi, Urdu, Inggris, Sarnami, Jawa, Bhojpuri, Hakka, Kanton, Saramaccan, Paramaccan, Ndyuka, Kwinti, Matawai, Cariban, Arawakan
Démonim Surinamese
Pamaréntahan Constitutional democracy
 -  President Desi Bouterse
 -  Wakil Presiden Robert Ameerali
Independence
 -  from the Netherlands 25 November 1975 
Jembar
 -  Total 163,821 km2 (91st)
 -  Banyu (%) 1.1
Pedunung
 -  Kira-kira 2011 491.989[1] (167th)
 -  Sensus 2004 492,829[2] 
 -  Kapadhetan 2.9/km2 (231st)
PDB (KKB) Kira-kira 2009
 -  Total $4.510 billion[3] 
 -  Per kapita $8,642[3] 
PDB (nominal) Kira-kira 2009
 -  Total $2.962 billion[3] 
 -  Per kapita $5,675[3] 
IPM (2010) 0.646[4] (medium) (96th)
Valuta Surinamese dollar (SRD)
Zona wektu ART (UTC-3)
 -  Musim panas (DST) not observed (UTC-3)
Lajur kemudi left
Domain internet .sr
Kodhe tilpun 597

Républik Suriname iku sawijining negara sing dumunung ana ing bagéyan lor Amérika Kidul. Negara iki diwatesi karo Guyana Prancis ing wétan, Guyana ing kulon, Negara Brazil ing kidul, lan Samudra Atlantik ing lor. Negara iki salah sijining panggonan sing akèh wong Jawané, saliyané Indonésia lan Kaledonia Baru. Suriname iku manten jajahan Walanda lan mbiyèn ditepungi mawa jeneng Guyana Walanda. Suriname mardika saka Walanda ing tanggal 25 November 1975.

Mawa amba kurang saka 165.000 km2, Suriname iku nagara adaulat sing cilik dhéwé ing Amérika Kidul. Guyana Prancis ambané luwih cilik, nanging tlatah iki dhaérah Prancis lan ora mardika. Suriname nduwé pedunung kurang luwih 490.000 jiwa, lan mayoritasé urip ing pasisir lor, papané ibukutha Paramaribo.

Bab lan Paragraf

[sunting] Sajarah Suriname

Wilayah Suriname wiwit dikenal abad kaping 15, ya iku nalika bangsa-bangsa Éropah nguwasani Guyana, sawijining dhataran jembar sing dumunung ing antara Samudra Atlantik, Kali Amazon, Rio Negro, Kali Cassiquiare lan Kali Orinoco. Wiwitané dhataran iki déning para ahli kartografi diwnènehi jeneng Guyana Karibania (Guyana sing tegesé dhataran jembar sing diilèni déning akèh kali lan Karibania saka tembung Caribs ya iku jeneng pedunung asli sing pisanan manggon ing dhataran kasebut).

[sunting] Sajarahing Wong Jawa ing Suriname

Ananing wong Jawa ing Suriname iki ora bisa diculké karo ananing pakebonan-pakebonan sing dibukak ning kana. Sabubaré ora olèhé pabudhakan ning kana, lan wong-wong turunan Afrika dibébasaké saka pabudhakan. Ing pamungkasing 1800an Walanda wiwit nekakaké para kuli kontrak asal Jawa, India lan Cina. Wong Jawa pramilané dipanggonaké ing Suriname taun 1880an lan dikaryakaké ing pakebonan gula lan kayu sing akèh ing tlatah Suriname.

Wong Jawa teka ing Suriname nganggo akèh cara, nanging akèh sing dipeksa utawa diculik saka désa-désa. Ora amung wong Jawa sing digawa, nanging uga akèh wong-wong saka Sundha, Madura, lan tlatah liya sing keturunané dadi Jawa kabèh ing kana.

Wong Jawa nyebar ing saindhenging tlatah Suriname, nganti ana désa jenengé Tamanredjo lan Tamansari, ana manèh sing ngumpul ing Marienburg. Wong Jawa Suriname sejatiné tansah ana janji ing Tanah Jawa sanajan urip adoh dipisahké karo samudra, iku sebabé Basa Jawa panggah lestari ing tlatah Suriname. Weruh Indonésia wis mardika, akèh wong Jawa sing nduwé karep bali ning Indonésia, lan mung sithik sing bener-bener isa bali, iku waé malahan ing tanah Sumatra lan tlatah-tlatah Indonésia liyané. Banjur, ing taun 1975 wayah Suriname mardika saka Walanda, wong-wong kalebu wong Jawa diwènèhi pilihan, panggah ing Suriname utawa mèlu pindhah menyang Walanda. Akèh wong Jawa sing akiré pindhah menyang tanah Walanda, lan liyané panggah ing Suriname. Rata-rata wong Jawa Suriname iku agamané Islam, sanajan ana sing mèlu agama liyané nanging sethithik.

Sing unik ing wong Jawa Suriname iki, ora olèh rabi karo anak putuné wong sa'kapal utawa sa' jaji. Dadi wong sa'kapal sing digawa nang Suriname iku wis dianggep paseduluran lan anak putuné ora olèh dirabi.

Wong Jawa Suriname cacahé nganti 15 persèné wong Suriname.

[sunting] Démografi

Warga Suriname cacahé kabèh ana 433.998 wong. Uripé akèh-akèhané ana ing pinggir kali gedhé lan tlatah-tlatah cedhaking segara. Uga urip ing pusat-pusat pakebonan. Wong Suriname iku akèh macemé, lan paling akèh ya turunan saka India sing nganti 37%né warga, sabanjuré wong Kreol sing turunané para budhak Afrika, cacahé 31%. Katelu iku wong Jawa, 15% banjur wong Maroon 10% (wong Maroon iki turunaning wong budhak sing mlayu menyang alas-alas, lan cara uripé tansah kaya leluhuré ing Afrika). Lan sisané ana wong Cina, Indian lan Walanda.[5]

Ora ana agama kang resmi ing Suriname. Ana agama Hindhu sing dipracayani karo wong India, agama Islam sing akèh dipracayani wong Jawa lan sebagéyan wong India, uga Kristen lan Katulik sing dipracayai karo wong Kreol lan Maroon. Malah tansah akèh wong sing nganut aliran Animisme.

Basa resmi sing diakoni ing Suriname ya basa Walanda, nanging kanggo basa pasaran wong Suriname nganggo basa Sranan Tongo sing asliné saka basa Inggris, lan iku dadi piranti wicaraning klompok-klompok ing kana. Saliyané iku, basa Hindi, lan basa Jawa diujarké karo klompoké dhéwé-dhéwé. Uga ana basa-basa Indian kayata Karib lan Arawak, basa-basa Maroon kaya Saramaka lan Ndjuka.

[sunting] Wilayah pamarentahan

  1. Brokopondo
  2. Commewijne
  3. Coronie
  4. Marowijne
  5. Nickerie
  6. Para
  7. Paramaribo
  8. Saramacca
  9. Sipaliwini
  10. Wanica

[sunting] Budaya

[sunting] Kembang Nasional

Suriname nduwé kembang nasional sing jenengé Fajalobi, ing Indonesia lan India dikenal kanthi jeneng kembang Asoka.[6]

[sunting] Tokoh keturunan Jawa

  • Toekiman Saimbang (Diplomat) [7]
  • Salimin Ardjooetomo alias Kapten Does (Sutradara, Seniman) [8]
  • Argyll Legiran Ardjooetomo (Seniman) [9]
  • Soelijanto Wongsosemito(Seniman) [10]
  • Paul Salam Somohardjo (Ketua Parlemen) [11]

[sunting] Referensi

[sunting] Pranala njaba


Negara-negara ing Amérika Kidul
Argentina | Bolivia | Brasil | Chili | Kolombia | Ekuador | Guyana | Panama | Paraguay | Peru | Suriname | Uruguay | Venezuela
Dependensi: Kapuloan Falkland | Georgia Kidul lan Kapuloan Sandwich Kidul | Guyana Prancis
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Suriname&oldid=630905"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès