Julius Caesar

Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi

Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Patung Julius Caesar déning Nicolas Coustou, taun 1696 (Museum du Louvre)

Gaius Julius Caesar (Latin: C•IVLIVS•C•F•C•N•CAESAR¹) (13 Juli 100 SM15 Maret 44 SM) punika setunggaling pamimpin militer lan politikus Romawi ingkang panguwaosipun dhumateng Gallia Comata ndadosaken Romawi tambah wiyar dumugi Oceanus Atlanticus. Panjenenganipun mandhegani serangan Romawi sepisanan dhumateng Britania, lan ngenalaken pangaruh Romawi dhumateng Gaul (Perancis sapunika).

Julius Caesar perang lan menangaken setunggaling perang sedulur ingkang ndadosaken panjenenganipun panguwaos paling ampuh ing Romawi, lan miwiti réformasi ageng-agengan dhumateng masyarakat lan pamréntah Romawi. Panjenenganipun dados diktator seumur hidup, lan musataken pamréntahan ingkang saya lemah ing républik kasebat.

Caesar séda tanggal 15 Maret 44 SM amargi dipuntusuk ngantos séda déning Marcus Junius Brutus lan sapérangan sénator Romawi. Aksi penyédanan dhumateng Caesar ing dinten Idi Maret kasebat dados pamicu perang sedulur kaping kalih ingkang dados pungkasaning Républik Romawi lan awal Kekaisaran Romawi ing saandhaping panguwaosipun putu kakungipun lan putra angkatipun, Kaisar Augustus.

Kampanye militer Julius Caesar dipunmangertos sacara detil saking seratanipun piyambak Kempalan Komentar (Commentarii), lan kathah saking criyos gesangipun ingkang dipunrekam sajarawan kados Gaius Suetonius Tranquillus, Mestrius Plutarch, lan Lucius Cassius Dio.

Bab lan Paragraf

[sunting] Palakrama Julius Caesar lan keturunanipun

[sunting] Kronologi

  • 13 Juli 100 SM – Miyos ing Roma
  • 84 SM – Palakrama sepisanan kaliyan Cornelia
  • 82 SM – Uwal saking paukuman mati Sulla
  • 81/79 SM – Jasa militer ing Asia lan Cilicia; pepanggihan kaliyan Nicomedes saking Bithynia
  • 70-an – Makarya dados advokat
  • 69 SMQuaestor (kados bendahara) ing Hispania Ulterior
  • 65 SM – Curule aedile
  • 63 SM – Dipunlantik pontifex maximus lan praetor urbanus; konspirasi Catilinaria, skandal Bona Dea lan njalari Caesar pegatan kaliyan Pompeia
  • 59 SM – Jawatan konsul sepisanan; awal Triumviratus Pertama kaliyan Marcus Licinius Crassus lan Gnaeus Pompeius Magnus, Julia palakrama kaliyan Pompey
  • 54 SM – Sédanipun Julia
  • 53 SM – Sédanipun Crassus: pungkasaning Triumviratus Pertama
  • 52 SMPaperangan Alesia
  • 49 SM – Panyebrangan Rubicon, wiwitaning perang sadulur
  • 48 SM – Ngasoraken Pompeius ing Yunani; dados diktator; jawatan konsul kaping kalih
  • 47 SM – Kampanye ing Mesir; pepanggihan kaliyan Cleopatra VII
  • 46 SM – Ngasoraken Cato lan Metellus Scipio ing Afrika Lér; jawatan konsul kaping tiga
  • 45 SM
    • Ngasoraken mengsah pungkasan ing Hispania
    • Kundur dhateng Roma; jawatan konsul kaping tiga
  • 44 SM

[sunting] Réferénsi

  • Life of Caesar, oleh Plutarch; Oxford Classics
  • The Twelve Caesars – Julius Caesar, déning Suetonius; Penguin Classics

[sunting] Cathetan

1- Gaius Iulius Gaii Filius Gaii Nepos Caesar, ing basa Indonésia "Kaisar Julius Gaius, putra Gaius, cucu Gaius".

[sunting] Mangga ugi pirsani

Temokna informasi luwih akèh ing Julius Caesar kanthi nggolèki ing proyèk kagandhèng Wikipedia
Wiktionary-logo-en.png Dictionary definitions saka Wiktionary
Wikibooks-logo.svg Textbooks saka Wikibooks
Wikiquote-logo.svg Quotations saka Wikiquote
Wikisource-logo.svg Source texts saka Wikisource
Commons-logo.svg Images and media saka Commons
Wikinews-logo.svg News stories saka Wikinews
Wikiversity-logo-Snorky.svg Learning resources saka Wikiversity


David face.png








Sumber artikel iki saka kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/wiki/Julius_Caesar"