Namibia

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Republic of Namibia
MottoUnity, Liberty, Justice
(Inggris: "Persatuan, Kabebasan, Keadilan")
Lagu kabangsanNamibia, Land of the Brave
Ibu kutha
(lan kutha paling gedhé)
Windhoek
Basa resmi Inggris1
Pamaréntahan Republik
 -  Presiden
Perdana Mentri
Hifikepunye Pohamba
Nahas Angula
Kamardikan
 -  - Saka Afrika Selatan
21 Maret 1990 
Jembar
 -  Total 825,418 km2 (33)
 -  Banyu (%) bisa dihiraukan
Pedunung
 -  Kira-kira 2006 1.830.330 (141)
 -  Sensus -
 -  Kapadhetan 2/km2 (192)
PDB (KKB) Kira-kira 2005
 -  Total US$13,35 miliar (127)
 -  Per kapita US$6.449 (91)
Valuta Dolar (NAD)
Zona wektu (UTC+1)
 -  Musim panas (DST)  (UTC+2)
Domain internet .na
Kodhe tilpun 264
1 Mayoritas pedunung kulit putih nganggo basa Jerman utawa Afrikaans. Kaloroné ora dadi basa resmi manèh wiwit Namibia mardika taun 1990.

Republik Namibia kuwi sawijining negara ing Afrika bagéyan kulon-lor, ing pesisir Atlantik. Negeri iki wewatesan karo Angola lan Zambia ing sisih lor, Botswana ing sisih wétan, lan Afrika Kidul ing sisih kidul. Namibia mardika saka Afrika Kidul taun 1990 saéngga dadi salah siji negara paling enom ing donya. Ibu kuthané yakuwi Windhoek.

Namibia kapérang dadi 13 wilayah: Caprivi, Erongo, Hardap, Karas, Kavango, Khomas, Kunene, Ohangwena,Omaheke, Omusati, Oshana, Oshikoto, lan Otjozondjupa.

Bab lan Paragraf

[sunting] Sajarah

Jeneng negara iki njupuk saka jeneng segara wedhi Gurun Namib, sing dianggep segara wedhi paling tuwa ing donya.[1] Sadurungé kamardikan ing taun 1990, tlatah iki ditepungi minangka Afrika Kidul-kulon Jerman (Deutsch-Südwestafrika), banjur Afrika Kidul-kulon, nuduhaké panjajahan kolonial Jerman (sacara tèknis makili Kakaisaran Inggris).

[sunting] Dhémografi

Katrangan ingkang langkung jangkep saged dipunpriksani wonten ing artikel utami prakawis Demografi Namibia.

Watara 75% rakyat Namibia manggon ana ing padésan lan 25% manggon ing dhaerah urban utawa ing kutha.[2] Ètnis kulit ireng ana 90% populasi lan wong kulit putih sekitar 7%.[2] Klompok masarakat kulit ireng Namibia kapérang dadi pirang-pirang klompok etnis. Populasi kang paling gedhé ya iku suku Ovambo.[2] Suku Ovambo duwèni persèntase ngancik separo populasi Namibia.[2] Wong-wong mau manggon ing bageyan lor, cedhak tapel wates karo Angola kang diarani Ovamboland utawa Ovambo.[3] Suku-suku kang manggon ing dhaérah lor liyané ya iku Kavango, kang manggon ana ing panggonan saubengé Kali Okavango.[3] Suku Caprivi manggon ing sisih wétan.[3] Déné suku Damara lan Herero manggon ing tlatah sisih tengah Namibia.[3] Suku Bushmen (San) lan Tswana manggon ing dhaérah tapel wates sisih wetan.[3] Rong klompok masarakat kang campuran diarani Suku Baster lan Suku Nama manggon ing sisih kidul.[3] Wong kulit putih Namibia yaiku wong saka Afrika Kidul ya iku ètnis keturunan Walanda, Inggris lan Jerman.[3]

[sunting] Rujukan

  1. Namib desert (AT1315) World Wide Fund for Nature site on the Namib Desert
  2. a b c d (2006) The World Book Encyclopedia. World Book, Inc, 7. ISBN 0-7166-0106-0.
  3. a b c d e f g (1986) The World Book Encyclopedia - N, Volume 14. World Book, Inc., USA, 8a. ISBN 0-7166-0086-2.

[sunting] Delengen uga

[sunting] Pranala jaba

Commons-logo.svg
Wikimedia Commons gadhah galeri bab:

Wikitravel   Pirsani pandhuan wisata Namibia ing Wikitravel

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Namibia&oldid=630432"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès