Aljazair
|
الجمهورية الجزائرية الديمقراطية الشّعبية
al Jumhuriyah al Jazā'iriyah ad Dīmuqrāţiyah ash Sha'biyah |
||||||
|---|---|---|---|---|---|---|
|
|
||||||
| Motto: بالشّعب وللشّعب (Bil-sha'bi wa lil-sha'bi = "Déning rakyat lan kanggo rakyat") |
||||||
| Lagu kabangsan: Qassaman |
||||||
| Ibu kutha (lan kutha paling gedhé) |
Aljir | |||||
| Basa resmi | Arab | |||||
| Pamaréntahan | Républik semi-présidhènsial | |||||
| - | Présidhèn Perdana Mentri |
Abdelaziz Bouteflika Ahmed Ouyahia |
||||
| Kamardikan | ||||||
| - | - Saka Perancis | 5 Juli 1962 |
||||
| Jembar | ||||||
| - | Total | 2,381,741 km2 (11) | ||||
| - | Banyu (%) | - | ||||
| Pedunung | ||||||
| - | Kira-kira 2010 | 35.423.000 | ||||
| - | Sensus 1998 | 29.100.867 | ||||
| - | Kapadhetan | 14.6/km2 (204) | ||||
| PDB (KKB) | Kira-kira 2010 | |||||
| - | Total | US$251,117 miliar | ||||
| - | Per kapita | US$4.435 | ||||
| Valuta | Dinar (DZD) |
|||||
| Domain internet | .dz | |||||
| Kodhe tilpun | 213 | |||||
Républik Démokratik Rakyat Aljazair[1][2][3][4] (basa Arab: الجمهورية الجزائرية الديمقراطية الشّعبية) utawa asring kasebut Aljazair iku sawijining negara ing tlatah Maghribi, Afrika. Yèn miturut ambané wilayah, Aljazair minangka negara paling gedhé ing Segara Tengah, paling gedhé ing Donya Arab, kaping pindo ing bawana Afrika[5] sawisé Sudan, lan kaping sewelas sa donya.[6] Aljazair bakal dadi negara Afrika paling gedhé sawisé wilayah Sudan Kidul mardika déning Sudan ing tanggal 9 Juli 2011.
Aljazair wewatesan karo Tunisia ing sisih lor-wétan, Libya ing sisih wétan, Maroko ing sisih kulon, Sahara Kulon, Mauritania, lan Mali ing sisih kidul-kulon, Niger ing sisih kidul-wétan, lan karo tlatah Segara Tengah ing sisih lor. Aljazair jembaré ana 2.400.000 km2, lan pedhunungé kira-kira ana 35,7 yuta.[7] Ibukuthané yaiku Aljir.
Aljazair minangka anggota Liga Arab, PBB, Uni Afrika, lan OPEC. Aljazair kuwi uga salah sawijining anggota pangadeg Uni Arab Maghribi.
Bab lan Paragraf |
[sunting] Étimologi
Tembung Al-jazā’ir (الجزائر) jroning basa Arab tegesé "pulo-pulo", asliné kuwi cekakan saka Jazā’ir Banī Mazghanā (جزائر بني مازغان) sing tegesé "pulo-pulo kaum Bani Mazghana". Istilah sepisanan dipigunakaké déning géografer jaman pertengahan kayata Muhammad al-Idrisi.
Ing jaman klasik, dhaérah Aljazair lor uga diarani Numidia, kang biyèn wates wilayahé uga kalebu Tunisia kulon lan Maroko wétan.
[sunting] Géografi
Sabagéyan gedhé Aljazair dunungé ana ing antara 19° lan 37° lintang lor (mung sithik ana ing sisih loré 37°), karo 9° bujur kulon lan 12° bujur wétan. Umumé dhaérah pesisir Aljazair arupa pabukitan lan sithik liyané pagunungan. Plabuhan alami ora akèh cacahé ing Aljazair.
Pagunungan Ahaggar (basa Arab: جبال هقار jibaalun Haghar) utawa uga diarani Hoggar, minangka dhaérah dhataran dhuwur ing tengahé ara-ara Sahara, ing wilayah Aljazair kidul. Dumunungé pagunungan kuwi kurang luwih 1.500 km sisih kidul saka ibu kutha Aljir. Tamanrasset yaiku sawijining kutha kang ana ing kana.
Kutha-kutha utamané Aljazair yaiku Aljir, Oran, Constantine, Tizi Ouzou, lan Annaba.
[sunting] Pulitik
Aljazair kuwi dianggep réjim otoritèr, yèn miturut Indèks Démokrasi 2010[8] saka kalawarti internasional The Economist. Laporan Freedom of the Press 2009 saka sawijining LSM Amérika Sarékat mènèhi Aljazair peringkat "ora bébas".[9]
Présidhèn minangka kepala negara Aljazair, lan dipilih kanggo mangsa jabatan limang taunan. Sakjané biyèn mangsa jabatan Présidhèn diwatesi mung kalih mangsa limang taunan, nanging wiwit 11 November 2008 amandemèn undhang-undhang déning Parlemèn wis mbusak batesan iki.[10] Pedunung Aljazair nduwèni hak pilih ing umur 18 taun.[5]
Parlemèn Aljazair iku arupa sistem rong kamar (bikameral).
[sunting] Provinsi lan distrik
|
|
|
|
|
[sunting] Démografi
Aljazair nduwèni cacah pedunung 34.895.000 (prakiran Januari 2010), yaiku 99% minangka etnis Arab utawa Berber.[5] Turunaning para pangungsi saka Andalusia, uga ana ing populasi pedunung Aljir lan kutha-kutha liya.[11] Mèh ora ana wong-wong katurunan Éropah ing Aljazair, sabagéyan gedhé wis pindhah sawisé kamardhikan nagara kuwi saka Prancis.[12]
[sunting] Delengen uga
[sunting] Cathetan suku
- ↑ Brozolo, Luca G. Radicati di (1990). "Benemar v. Embassy of the Democratic and Popular Republic of Algeria". American Journal of International Law 84 (2): 573–577. DOI:10.2307/2203476.
- ↑ http://www.iusct.org/claims-settlement.pdf
- ↑ http://www.mem-algeria.org/legis/Mines_ANNEX-29-04-03.pdf
- ↑ http://maghrebeurope.ceth.fr/DAHOR-en.pdf
- ↑ a b c Africa: Algeria. CIA World Factbook. Cia.gov. URL diaksès tanggal 2009-12-07
- ↑ Encarta MSN
- ↑ Population et Démographie. Office National des Statistiques. URL diaksès tanggal 2010-03-13
- ↑ Democracy Index 2010.
- ↑ Freedom of the Press 2009. Freedom House. URL diaksès tanggal 2009-05-07
- ↑ "BBC NEWS", News.bbc.co.uk, November 12, 2008. diaksès tanggal 2008-11-24.
- ↑ John Douglas Ruedy (2005). "Modern Algeria: the origins and development of a nation". Indiana University Press. p.22. ISBN 978-0-253-21782-0
- ↑ Raimondo Cagiano De Azevedo (1994). "Migration and development co-operation.". Council of Europe. p.25. ISBN 978-92-871-2611-5
|
||||||||
|
|
|---|
| Asia | Afrika | Amerika: Amérika Lèr - Amérika Kidul | Antartika | Eropah | Australia (Kapuloan Pasifik ing Oseania mboten mlebet bagéyan saking bawana pundi kémawon) |