Somalia

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Soomaaliya
Motto
Lagu kabangsanLagu Kabangsan Somalia
Ibu kutha
(lan kutha paling gedhé)
Mogadishu
Basa resmi Somali
Pamaréntahan Pamaréntahan Transisi
 -  Presiden
Perdana Mentri
Abdullahi Yusuf Ahmed

Ali Muhammad Ghedi
Kamardikan
 -  - Saka Britania Raya lan Italia
1 Juli 1960 
Jembar
 -  Total 637,657 km2 (41)
 -  Banyu (%) 1,6%
Pedunung
 -  Kira-kira 2005 8.591.629 (87)
 -  Sensus 1975 ~ 3.300.000 
 -  Kapadhetan 13/km2 (170)
PDB (KKB) Kira-kira 2005
 -  Total US$4,59 miliar (153)
 -  Per kapita US$600 (190)
Valuta Shilling (SOS)
Zona wektu (UTC+3)
 -  Musim panas (DST)  (UTC+3)
Domain internet .so
Kodhe tilpun 252

Somalia (basa Somali: Soomaaliya; basa Arab: الصومال, As-Sumal), biyèn jenengé Republik Demokratik Somali, kuwi sawijining negara ing pesisir Afrika Wétan kang ana sacara de jure. Somalia ora ndarbèni otoritas pamaréntah pusat kang diakoni, ora ana mata uang nasional utawa ciri-ciri liya kang magepokan karo sawijining negara kang nduwèni kadhaulatan. Otoritas sacara de facto ana ing tangan pamaréntah kang ora diakoni, yaiku Somaliland, Puntland lan gembong militan cilik kang padha memusuhan, lan kateluné mimpin pamaréntahan oposisi.

Bab lan Paragraf

[sunting] Politik

Artikel utama: Politik Somalia

Somalia ora ndarbèni pamaréntah nasional kang efektif. Ing sisih kulon-lor, ana pamisahan Republik Somaliland. Ing sapérangan liyané ana sawetara warlord, yaiku Puntland lan Somalia Kidul-Kulon. Pamaréntahan kang diakoni dunia internasional yakuwi "Pamaréntahan Transisi Nasional", wiwitané dipimpin déning Abdulkassim Salat Hassan, kang ngontrol mung sabagéan saka Mogadishu, ibu kutha Somalia.

Tanggal 10 Oktober 2004 Perdana Mentri Somalia kapilih Abdullahi Yusuf Ahmed, Presiden Puntland, dadi Presiden sabanjuré. Amarga kahanan kaco ing Mogadishu, pamilihan dianakakén ing pusat olah raga ing Nairobi, Kenya. Yusuf kapilih Presiden transisional déning parlemen transisional Somalia. Dhèwèké menangaké 189 saka 275 swara Parlemen. Sesi Parlemen uga dianakaké ing negara tangga Kenya. Pamaréntahané diakoni déning akêh negara Barat minangka panguwasa legal negara mau, senadyan otoritas aktualé isih dadi pitakonan.

Akèh organisasi politik cilik liyané kang adhedhasar klan kang kawangun wiwit pamilihan Presiden anyar, padha golèk (format) politik kang bebas-marga (kaya déné Front Somali Bersatu).

[sunting] Pamérangan administratif

Artikel utama: Daerah-daerah ing Somalia

Somalia kabagi jroning 18 gobolka (dhaérah):

[sunting] Delengen uga

[sunting] Pranala jaba

Commons-logo.svg
Wikimedia Commons gadhah galeri bab:

Wikitravel   Pirsani pandhuan wisata Somalia ing Wikitravel

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Somalia&oldid=656330"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès