Al-Idrisi
Al-Idrisi yaiku wong kang wiwitan gawé globe. [1]Jeneng jangkepé yaiku Abu Abdullah Muhammad Ibn Muhammad Ibn Abdullah In Idris Ash-Sharif, nanging jeneng kang biyasa digunakaké yaiku Asy-Syarif Al-Idrisi Al-Qurtui. [1]Wong Kulon biyasané nyebut kanthi aran Dresses. [1]Al-Idrisi lair ing Ceuta, Spanyol, taun 1099. [1]
Al-Idrisi sekolah ana ing Cordova utamané ing babagan géografi.[1] Nalika kuwi, wis akèh para ahli géografi kang gawé péta donya nanging péta mau ora luwih apik tinimbang péta gawéané Al-Idrisi. [1]Karya-karya Al-Idrisi akèh maparaké data kang bisa dipercaya déning masarakat. [1]Iki kang ndadèkaké dhèwèké dilirik déning kalangan navigator laut Eropah, sarta kalangan militèr.[1]Wong-wong kang gandrung karo keahliané Al-Idrisi yaiku Raja Roger 11, Raja Sicilia keturunan Normandia taun 1129-1140. Dhèwèké njaluk tulung karo Al-Idrisi supaya digawèkaké péta donya kang anyar. [1]Al-Idrisi nyanggupi panjalukané mau kanthi sarat yaiku nglebokaké Sicilia minangka kakuwasan kaum muslim sadurungé raja Roger kang dadi panguwasané. [1] Pungkasané, péta pesenan raja mau bisa diwujudaké kanthi wangun bal donya utawa globe. [2]Globe mau digawé kanthi bahan perak kang aboté 400 gram. [2]Ing globe mau, Al-Idrisi uga mènèhi pitung bawana kang jangkep kanthi rute-rute dagangan, tlaga-tlaga, lan kali, kutha-kutha gedhé, dharatan, sarta pagunungan. [2]
Al-Adrisi ninggal taun 1166 M.[3]
Cathetan sikil [sunting]
- ^ a b c d e f g h i j (id) [Muchlisin Asti, Badiatul, dkk. 2009.105 Tokoh dan Perintis Dunia.Yogyakarta:Narasi Hal. 34]
- ^ a b c (id) [Muchlisin Asti, Badiatul, dkk. 2009.105 Tokoh dan Perintis Dunia.Yogyakarta:Narasi Hal. 35]
- ^ (id) [Muchlisin Asti, Badiatul, dkk. 2009.105 Tokoh dan Perintis Dunia.Yogyakarta:Narasi Hal. 36]