Kapuloan Solomon

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Solomon Islands
MottoTo Lead is to Serve
(Inggris: "Memimpin berarti Mengabdi")
Lagu kabangsanGod Save Our Solomon Islands
Ibu kutha
(lan kutha paling gedhé)
Honiara
Basa resmi Inggris
Pamaréntahan Monarki konstitusional
 -  Ratu
Gubernur-Jenderal
Perdana Menteri
Elizabeth II
Sir Nathaniel Waena
Manasseh Sogavare
Kamardikan
 -   - Saka Britania Raya
7 Juli 1978 
Jembar
 -  Total 28,450 km2 (141)
 -  Banyu (%) 3,2%
Pedunung
 -  Kira-kira 2006 483.083 (159)
 -  Sensus -
 -  Kapadhetan 18/km2 (158)
PDB (KKB) Kira-kira 2005
 -  Total US$0,86 miliar (176)
 -  Per kapita US$1.845 (152)
Valuta Dolar (SBD)
Zona wektu (UTC+11)
 -  Musim panas (DST)  (UTC+11)
Domain internet .sb
Kodhe tilpun 677

Kapuloan Solomon kuwi sawijining negara kapuloan ing Samudra Pasifik bagéyan kidul kang dumunung ing sisih wétané Papua Nugini lan minangka bagéyan saka Persemakmuran. Negara iki dumadi saka 992 pulo kang sakabèhané awujud wilayah kang ambané 28.450 km².

[sunting] Geografi

Kapuloan Solomon ndarbèni sawetara pulo kayata Guadalcanal, Malaita, Santa Isabel, Makira lan Sikaiana. Let antara pulo paling kulon lan paling wétan ana ±1.500 km.

[sunting] Sajarah

Negara iki ditemokaké sapisanan déning Pedro Sarmiento de Gamboa taun 1568. Rong atus tau lawasé kapuloan iki ora tau ditekani nganti dikuwasani lan diparebutaké bangsa déning Eropah. Taun 1886, Britania Raya lan Jerman ngedum pulo-pulo mau kanggo awaké dhéwé. Tentara Australia nuli ganti nguwasani bagéyan kang dikuwasani Jerman nganti taun 1920. Jepang nguwasani wilayah iki antara taun 1942 lan 1943 sadurungé péhak Sekutu ngrebut saka tangané.

[sunting] Pranala jaba

Commons-logo.svg
Wikimedia Commons gadhah galeri bab:
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Kapuloan_Solomon&oldid=672097"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès