Charlemagne

Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi

Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Lukisan Charlemagne.

Karel ingkang Agung utawi Karel Agung (Prancis: Charlemagne; basa Latin: Carolus Magnus utawi Karolus Magnus; basa Jerman: Karl der Große; basa Inggris: Charles the Great, basa Italia: Carlo Magno) (742 utawi 74728 Januari 814), punika nata kaum Frank wiwit taun 768 dumugi taun 814 lan kaum Lombard wiwit taun 774 dumugi taun 814. Panjenenganipun dipunnobataken minangka Imperator Augustus ing Roma ing dinten natal taun 800 déning Paus Leo III, lan mila dipunanggep arupi pangadeg Kakaisaran Romawi Suci (kanthi gelar Karel I). Liwat panaklukan lan pertahanan, panjenenganipun ngukuhaken lan miyaraken kakuwaosanipun ngantos ngliputi sebagéyan ageng Eropah Kilèn. Panjenenganipun asring dipunanggep arupi bapa pangadeg Prancis lan Jerman, malah sok-sok minangka Bapa pangadeg Eropah. Panjenenganipun punika kaisar pisanan ing Kilèn wiwit runtuhipun Kakaisaran Romawi.

[sunting] Pirsani ugi

[sunting] Réferènsi

  • A. Kenneth Curtis, J. Stephen Lang & Randy Petersen, 100 Peristiwa Penting dalam Sejarah Kristen, Immanuel, 1999. Saged dipunwaos ing mrik

[sunting] Pranala njawi

Commons-logo.svg
Wikimedia Commons kagungan galeri bab:
David face.png
Sumber artikel iki saka kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/wiki/Charlemagne"