Basa Italia
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Basa Italia ora padha karo basa Italik.
| Basa Italia (Italiano) | |
|---|---|
| Dianggo ing: | Italia lan 29 negara liyané |
| Wilayah: | Eropah Kidul |
| Cacahing panutur: | 70 yuta |
| Peringkat: | 21 |
| Klasifikasi rumpun basa: | Indo-Eropah Italik |
| Status resmi | |
| Basa resmi ing: | Italia, Swiss, San Marino, Slovenia, Vatikan, Istria (Kroasia) |
| Ditata déning: | Accademia della Crusca |
| Kodhe basa | |
| ISO 639-1 | it |
| ISO 639-2 | ita |
| SIL | ITN |
Basa Italia kuwi sajinis basa Roman sing dianggo déning watara 70 yuta wong, mayoritas ing Italia. Basa Italia Standar yakuwi miturut dhialèk Toscana lan sawijining campuran basa-basa ing Italia Kidul lan basa Gallo-Roman ing Lor. Basa Italia standar (tanpa kapengaruh dhialèk) akèh dianggo ing kutha Siena, provinsi Toscana, Italia.
Standar Toscana sing wis suwé dipigunakaké wis kakikis wiwit sawetara dekade déning basa Italia sing dianggo ing Milan, pusat ekonomi Italia. Basa Italia nduwèni konsonan gandha, kaya Latin (nanging béda karo basa Gallo-Roman liyané, kaya basa Prancis lan basa Spanyol). Déné basa Roman liyané (kajaba basa Prancis), tekanan ing pangucapan minangka ciri-ciri sing wigati
[sunting] Conto
- Basa Inggris: inglese (ing-GLE-zei)
- sugeng tindak: arrivederci (a-rii-veh-DER-chii)
- halo: ciao (CHA-o) (informal); buon giorno (bwon JOR-noh) (sugeng énjang), buona sera (BWO-na SEI-ra) (sugeng dalu)
- pira? quanto (KWON-toh) (maskulin); quanta (KWON-tah) (feminin)
[sunting] Pranala jaba
- (en) Italian 101 Learn Italian online
| Artikel perkawis basa punika taksih arupi seratan rintisan. Panjenengan saged mbiyantu Wikipedia ngembangaken. |