Basa Roman
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Basa Roman iku sawijining kulawarga basa saka rumpun basa Indo-Eropah. Basa Roman iki turunan saka Basa Latin sing saiki dipituturaké ing sabagéyan gedhé Eropah kidul, Amérika Tengah lan Kidul lan tlatah-tlatah liyané ing Donya. Basa-basa sing kalebu basa Roman iku: basa Spanyol, basa Portugis, basa Prancis, basa Italia, basa Rumania, basa Katalan lan liya-liyané. Cacahé penutur kurang luwih ana 800 yuta jiwa.