Basa Rumania

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Basa Rumania (limba română)
Negara/Negari: Rumania, Moldavia, Serbia , Yunani, Bulgaria, Albania lan akèh negara-negara liyané
Tlatah: Eropah Wétan
Cacah Panutur: 28 juta
Urutan kaping: 36
Rumpun basa: Indo-Eropah
Status Resmi
Basa resmi ing: Rumania, Moldavia lan Serbia (Vojvodina)
Akadhémi Basa: Academia Română
Kodhe Basa
ISO 639-1 ro
ISO 639-2 rum (B) / rou (T)
SIL RUM

Basa Rumania utawa Limba Română, iku anak cabang paling wétan basa-basa Roman lan siji-sijiné cabang basa Latin sing diubengi déning basa-basa Slavia lan Hongaria.

Basa iki dituturaké d’ening luwih kurang 30 yuta wong sing kasebar ing Rumania, Moldova, Ukraina, Hongaria, Bulgaria nganti Serbia.

Basa-basa Rumania iki kap’erang jroning sawetara cabang yakuwi :

  • Rumania baku (wilayah Rumania lan Moldova
  • Istro-Rumania (dituturaké ing semenanjung Istria, Kroasia)
  • Macedo-Rumania (dituturaké ing kawasan Makedonia
  • Arumania (dituturaké ing kawasan lor Yunani)

Bab lan Paragraf

[sunting] Fonologi

Basa Rumania nduwèni pitu vokal mawa swara: a /a/, e /e/, i /i/, o /o/, u /u/, ă /ə/, â, î /ı/ lan siji ora mawa swara ("i" ing posisi pungkasan). Basa Rumania Kuna nduwèni vokal tanpa swara tambahan manèh ("u" ing posisi pungkasan), nanging saiki wis ora dianggo manèh. Banjur ana uga papat semivokal lan rongpuluh konsonan.

[sunting] Abjad Rumania

A, a (a); Ă, ă (ă); â (â din a); B, b (be); C, c (ce); D, d (de); E, e (e); F, f (fe / ef); G, g (ghe / ge); H, h (ha / haş); I, i (i); Î, î (î din i); J, j (je); K, k (ka de la kilogram); L, l (le / el); M, m (me / em); N, n (ne / en); O, o (o); P, p (pe); R, r, (re / er); S, s (se / es); Ş, ş (şe); T, t (te); Ţ, ţ (ţe); U, u (u); V, v (ve); X, x (ics); Z, z (ze / zet).

[sunting] Gugusan aksara

Aksara C lan G nduwèni cara pangucapan mligi yèn dikombinasi karo sawetara aksara liyan’e, mèmper karo basa Italia.

# Gugusan Uni Conto
1 ge, gi [j] mèmper karo [Jerman] lan [jinak]
2 ghe, ghi [g] mèmper karo [gagap] lan [gugup]
3 ce, ci [c] mèmper karo [catur]
4 che, chi [k] mèmper karo [kaktus]

[sunting] Diftong

ea, ia, oa, ua ie ai, ăi, âi, ei, ii, oi, ui io au, ău, âu, eu, iu, ou

[sunting] Triftong

ioa, eai, iau, eau

[sunting] Fonem /h/

Basa Rumania minangka siji-sijiné basa Roman sing ngletarèkaké fonem /h/. Dhialèk Norman basa Prancis uga nglestarèkaké fonem /h/. Jroning akèh dhialèk basa Spanyol utamané ing Amerika, /j/ dilafazaké minangka [h], nanging iki dudu kasus "palestarèn": fonem asliné yakuwi /x/.

[sunting] Deleng uga

[sunting] Pranala jaba

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Basa_Rumania&oldid=672289"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès