Swaziland

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Umbuso weSwatini
Kingdom of Swaziland
MottoSiyinqaba
(Swati: "Kita kuwi Benteng")
Lagu kabangsanNkulunkulu Mnikati wetibusiso temaSwati
Ibu kutha Mbabane (pamaréntahan),
Lobamba (krajaan lan kehakiman)
Kutha paling gedhé Mbabane
Basa resmi Swati lan Inggris
Pamaréntahan Monarki
 -  Raja
Perdana Mentri
Mswati III
Themba Dlamini
Kamardikan
 -   - Saka Britania Raya
6 September 1968 
Jembar
 -  Total 17,363 km2 (154)
 -  Banyu (%) 0,9%
Pedunung
 -  Kira-kira 2006 1.146.050 (150)
 -  Sensus -
 -  Kapadhetan 67/km2 (99)
PDB (KKB) Kira-kira 2005
 -  Total US$5,43 miliar (148)
 -  Per kapita US$4.995 (104)
Valuta Lilangeni (SZL)
Zona wektu (UTC+2)
 -  Musim panas (DST)  (UTC+2)
Domain internet .sz
Kodhe tilpun 268

Krajaan Swaziland kuwi sawijining negara cilik ing kidul Afrika kang ora ndarbèni panté lan dumunung ana ing antara Afrika Kidul ing sisih kulon lan Mozambik ing sisih wétané.

Bab lan Paragraf

[sunting] Politik

Artikel utama: Politik Swaziland

Kepala negarané yakuwi raja, kang wiwit taun 1986 diwengku déning Raja Mswati III, kang marisi tahka saka bapaké Raja Sobhuza II. Miturut tradhisi, raja ndarbèni kuwasa bebarengan karo ibuné (Indovukazi, Gajah-Betina Besar). Raja Mswati dianggep minangka kepala administrasi negara déné ibuné minangka kepala rohaniah lan kepala nasional negara. Minangka sawijining monarki, raja ora mung nunjuk perdana mentri, kepala pamaréntahan, nanging uga nunjuk sawetara perwakilan kanggo kaloro badan Libandla (parlemen). Senat dumadi saka 30 anggota, lan Dewan Perwakilané ndarbèni 65 kursi, 55 dilungguhi déning wakil kapilih (pemilihan dianakaké saben 5 taun ing sasi November).

Konstitusi 1968 dibatalaké (suspended) taun 1973 jroning sawijinié kaputusan Kahanan Darurat kang isih lumaku nganti saiki. Taun 2001 Raja Mswati III nunjuk siji komite kanggo nulis konstitusi anyar. Rancangan diwetokaké minangka komentar ing sasi Mei 2003 lan November 2004. Nanging, dikritik déning organisasi serikat sipil ing Swaziland lan organisasi hak manusia ing panggonan liyané.

Raja Mswati III uga asring dikritik amarga urip nikmat ing sawijining negara kang kena infeksi HIV paling dhuwur sadonya kuwi. Kanthi armada montor méwah, yutan dientèkaké kanggo ndandani istana kanggo para garwané, kosok balèn karo kahanan watara 34% pedunung kang nganggur, mèh 70% urip kanthi pikolèhan kang kurang saka 1 dolar AS sedina, lan kanthi 39% wong dhiwasa kang kajangkit HIV.

[sunting] Geografi

Peta Swaziland
Artikel utama: Geografi Swaziland

Swaziland ndarbèni pemandangan alam kang manéka warna; saka pegunungan ing sadawané tapel wates Mozambik nganti sabana ing sisih wétan lan alas udan ing sisih kulon-lor. Sawetara kali mili ing negara iki, contoné Kali Lusutfu. Kanthi 50.000 pedunung, Mbabane, ibu kutha Swaziland, minangka kutha paling gedhé; kutha gedhé liyané klebu Manzini, Lobamba lan Siteki.

[sunting] Pamérangan administratif

Artikel utama: Distrik Swaziland

Swaziland dipérang dad papat distrik:

  1. Hhohho
  2. Lubombo
  3. Manzini
  4. Shishelweni

[sunting] Demografi

Mayoritas pedunung asalé saka suku Swazi, nanging ana sawetara saka suku Zulu, bangsa Eropa, lan pengungsi saka Mozambik. Basa-basa resmi ing Swaziland yakuwi basa Swati lan basa Inggris (kang minangka basa tertulis resmi). Agama utama yakuwi agama Kristen, kang asring campur karo sawetara kapercayaan tradisional. Saliyané kuwi aaa uga komunitas Yahudi lan Muslim.

[sunting] Delengen uga

[sunting] Pranala jaba

Commons-logo.svg
Wikimedia Commons gadhah galeri bab:

Wikitravel   Pirsani pandhuan wisata Swaziland ing Wikitravel

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Swaziland&oldid=634199"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès