Mèksiko
|
Estados Unidos Mexicanos
|
||||||
|---|---|---|---|---|---|---|
|
||||||
| Motto: — | ||||||
| Lagu kabangsan: Mexicanos, al grito de guerra |
||||||
| Ibu kutha (lan kutha paling gedhé) |
Ciudad de México | |||||
| Basa resmi | Spanyol | |||||
| Pamaréntahan | Republik federal | |||||
| - | Presiden | Felipe Calderón Hinojosa | ||||
| Kamardikan | ||||||
| - | - Deklarasi - Diakoni |
Saka Spanyol 16 September 1810 27 September 1821 |
||||
| Jembar | ||||||
| - | Total | 1,964,382 km2 (14) | ||||
| - | Banyu (%) | 2,5% | ||||
| Pedunung | ||||||
| - | Kira-kira 2006 | 107.127.013 (11) | ||||
| - | Sensus 2004 | 104.959.590 | ||||
| - | Kapadhetan | 55/km2 (117) | ||||
| PDB (KKB) | Kira-kira 2005 | |||||
| - | Total | US$1.005 miliar (13) | ||||
| - | Per kapita | US$9.666 (66) | ||||
| Valuta | Peso (MXN) |
|||||
| Zona wektu | (UTC-8 nganti -6) | |||||
| - | Musim panas (DST) | (UTC-7 nganti -5) | ||||
| Domain internet | .mx | |||||
| Kodhe tilpun | 52 | |||||
Persatuan Negara-Negara Mèksiko utawa Mèksiko (basa Spanyol: Estados Unidos Mexicanos utawa México) kuwi sawijining negara kang dumunung ing Amérika Lèr, wewatesan karo Amérika Sarékat, Guatemala lan Belize ing sisih kidul-wétan, Samudra Pasifik ing sisih kulon, lan Teluk Mèksiko lan Segara Karibia ing sisih wétan. Negara iki minangka negara paing gedhé katelu ing Amérika Latin lan uga negara kang paling akèh nagnggo basa Spanyol. Jeneng negara iki dijupuk saka jeneng ibu kuthané, kang asalé saka jeneng ibu kutha kuno Aztec yaiku Mexico-Tenochtitlan. Mexi kuwi sebagéyan jeneng Mexitli, yaiku jeneng déwa perang, déné co maknané panggonan lan ca maknané wong.
Bab lan Paragraf |
[sunting] Sajarah
Sajroning amèh 3.000 taun, Mèksiko dadi panggonan sawetara peradaban maju kayadéné peradaban Amerindian, Maya lan Aztec. Tekané panjajah Spanyol pimpinan Hernan Cortes ing wiwitan abad ka-16, lan kamenangané saka kaum Aztec ing taun 1521, nandhani wiwité éra koloni Mèksiko minangka Spanyol Anyar.
Tanggal 15 September 1810, kamardikan saka Spanyol dinyatakaké déning Miguel Hidalgo y Costilla ing Dolores yaiku sawijining kutha cilik. Bab iki dadi titik wiwitan paprangan kamardikan sing dikenali minangka Perang Kamardikan Mèksiko sing rampung kanthi asil kamardikan ing taun 1821 lan pambentukan Kekaisaran Mèksiko sing sepisanan.
[sunting] Daerah
Mèksiko dumadi saka 31 negeri utawa estados lan Daerah Persekutuan Meksiko utawa Distrito Federal. Kawasan Metropolitan Kutha Mèksiko, klebu ing Daerah Persekutuan lan kawasan tapel watesé, minangka kutha kang nduwèni pedunung palin padhet ing donya.
[sunting] Kutha-kutha gedhé
Ing ngisor iki daftar kutha gedhé ing Mèksiko diurut miturut populasiné:
- Mexico City, Distrito Federal (22 yuta)
- Guadalajara, Jalisco (4,7 yuta)
- Monterrey, Nuevo León (3,6 yuta)
- Puebla, Puebla (2,6 yuta)
- Ciudad Juárez, Chihuahua (1,8 yuta)
- Tijuana, Baja California (1,5 yuta)
- León, Guanajuato (1,2 yuta)
- Toluca, México (1,2 yuta)
- Torreón, Coahuila (1,1 yuta)
- Mexicali, Baja California (0,9 yuta)
- San Luis Potosí, San Luis Potosí (0,8 yuta)
- Mérida, Yucatán (0,8 yuta)
- Santiago de Querétaro, Querétaro (0,8 yuta)
- Aguascalientes, Aguascalientes (0,7 yuta)
- Cuernavaca, Morelos (0,7 yuta)
- Chihuahua, Chihuahua (0,7 yuta)
[sunting] Pranala jaba
Pirsani pandhuan wisata Mèksiko ing Wikitravel
- (es) Situs resmi
- (en) Situs resmi pariwisata
- (en) (es) México Travel
| Negara-negara ing Amérika Lèr |
|---|
| Amérika Sarékat | Antigua lan Barbuda | Bahama | Barbados | Belize | Dominika | Republik Dominika | El Salvador | Grenada | Guatemala | Haiti | Honduras | Jamaika | Kanada | Kosta Rika | Kuba | Meksiko | Nikaragua | Panama | Saint Kitts lan Nevis | Saint Lucia | Saint Vincent lan Grenadines | Trinidad lan Tobago |
| Dependensi: Anguilla | Antillen Walanda | Aruba | Bermuda | Kepuloan Cayman | Greenland | Guadeloupe | Martinique | Montserrat | Pulo Navassa | Puerto Riko | Saint-Pierre lan Miquelon | Kepulauan Turks lan Caicos | Kepulauan Virgin Amerika Serikat | Kepulauan Virgin Britania Raya |