Peradaban

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados

Peradaban umume nduwe makna: penilaian dhuwur cendheke budaya masyarakat tinentu. Sing dinilai yaiku pemikiran-pemikiran utawa gagasan-gagasan sing urip neng masyarakat iku, uga perilaku lan kasil-kasil budaya sing nduwe wujud fisik utawa artefak misale: perangkat pawon, bangunan lan liyane.

Ukuran peradaban [sunting]

Peradaban iki nduwe kaitan erat karo kabudayan merga sing diukur iku kasil-kasil saka kabudayan sing wujude: Pemikiran utawa ide, perilaku lan kasil budaya sing nduwe wujud fisik. Ukuran dhuwur utawa cendheke peradaban umume diukur saka parameter-perameter sing umum misale luwih apik utawa kurang apaik, luwih alus utawa kurang alus lan liyane. Dadi tegese sing dadi ukuran peradaban iku umume nilai-nilai saka kasil budaya misale: kesenian, pengetahuan, tata masyarakat utawa negara lan liyane.

Peradaban kuna [sunting]

Ing jaman kuna wis ana peradaban-peradaban sing wis isa dianggep dhuwur antarane:

Peradaban jaman saiki [sunting]

Ukuran peradaban jaman saiki umume diukur saka penguasaan elmu lan teknologi lan bisa diukur nganggo parameter-parameter sing wis jelas utawa meh abstrak. Nilai-nilai peradaban saka tingkah laku, tata krama, sopan santun lan liyane umume ngalami perobahan nilai.


Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Peradaban&oldid=808586"