CIA World Factbook
CIA World Factbook (ISSN 1553-8133; ing Amérika Sarékat disebut The World Factbook), iku sawijining publikasi taunan saka Central Intelligence Agency (CIA), badan intèlijen Amérika Sarékat. CIA World Factbook (dicekak Factbook waé) isi data-data almanak ngenani negara-negara ing donya. Ing njeroné ana ringkesan 2-3 kaca bab masalah demografi, geografi, komunikasi, pamaréntahan, ekonomi lan militer saka 268 negara utawa dependensi sing diakoni déning Amérika Sarékat.
Tujuan utama saka panulisan buku iki yakuwi kanggo nyadiakaké informasi marang para pegawai pamaréntah Amérika Sarékat. Nanging, Factbook uga kerep dipigunakaké minangka sumber utawa referensi déning mahasiswa, pelajar, utawa publikasi-publikasi liyané. Amarga arupa karya pegawai pamaréntah AS, Factbook dumunung ing domain umum (public domain).
Bab lan Paragraf |
[sunting] Sumber-sumber Factbook
Jroning nyusun factbook, CIA migunakaké manéka werna sumber, antara liya
- Program Informasi Antartika, National Science Foundation
- Pusat Intelijen Medis Angkatan Bersenjata, Departemen Pertahanan AS
- Biro Sensus Amerika Serikat, Departemen Perdagangan AS
- Biro Statistik Tenaga Kerja, Departemen Tenaga Kerja AS
- Central Intelligence Agency (CIA)
- Dewan Manajer Program Antartika Nasional AS
- Agen Intelijen Pertahanan, Departemen Pertahanan AS
- Departemen Energi AS
- Departemen Luar Negeri AS
- Jasa Perikanan lan Lingkungan Hidup, Departemen Dalam Negeri AS
- Administrasi Kelautan, Departemen Transportasi AS
- Agen Intelijen Geo-Spasial Nasional, Departemen Pertahanan AS
- Komando Teknik Fasilitas Kelautan, Departemen Pertahanan AS
- Kantor Urusan Pulau-pulau, Departemen Dalam Negeri AS
- Kantor Intelijen Laut, Departemen Pertahanan AS
- Badan Penamaan Daerah Geografis AS, Departemen Dalam Negeri AS
- Komando Transportasi Amerika Serikat, Departemen Pertahanan AS
- Jurnal Gas dan Minyak
Lan uga migunakaké sumber-sumber publik utawa swasta liyané.
[sunting] Hak cipta
Factbook dumunung ing domain umum. Amarga saka kuwi, sapa waé nduwèni hak kanggo nyebaraké, nyalin utawa ngowahi isiné. Senadyan mangkono, CIA nyuwun supaya jeneng Factbook disebutaké yèn dikutip isiné. Amarga dumunung ing domain umum, akèh website lan buku sing migunakaké informasi lan gambar saka Factbook.
[sunting] Kacumepakan
Edhisi cithak Factbook sumadya jroning rong jinis, yaiku edhisi pamaréntah lan edhisi cithak saka Potomac Books Inc.. Edhisi online saka Factbook uga sumadya ing internet. Factbook uga tau dipublikasèkaké jroning wangun CD-ROM, kaset tape, microfiche, lan disket.
Sadurungé taun 2001, Factbook dianyaraké saben taun. Biasané edhisi paling anyar diterbitaké saben tanggal 1 Januari. Wiwit taun 2001, CIA nganyaraké edhisi online Factbook saben rong minggu. Edhisi cithak tetep dianyaraké saben 1 taun.