Indèks Pembangunan Manungsa
Indèks Pembangunan Manungsa (IPM) / Human Development Index (HDI) iku pangukuran perbandingan saka pangarep-arep urip (harapan hidup), melèk aksara, pendhidhikan lan standar urip tumrap kabèh negara saindenging donya. IPM digunakaké kanggo klasifikasi apa sawiji negara minangka negara maju, negara berkembang utawa negara kari lan uga kanggo ngukur pengaruh saka kawicaksanan ékonomi marang kualitas urip.[1]
Bab lan Paragraf |
Sajarah [sunting]
Indèks iki ing taun 1990 dikembangaké déning pamenang nobel India Amartya Sen lan ékonom Pakistan Mahbub ul Haq, sarta dibantu déning Gustav Ranis saka Yale University lan Lord Meghnad Desai saka London School of Economics. Wiwit dina iku indèks iki dianggo déning Program pembangunan PBB jroning lapuran IPM tahunané.
Amartya Sen nggambaraké indèks iki minangka "pangukuran vulgar" amarga watesané. Indèks iki luwih fokus marang bab-bab sing luwih sènsitif lan migunani tinimbamng mung saukur pametu perkapita sing salawasé iki dianggo. Indèks iki uga migunani minangka kreteg tumrap paneliti sing serius kanggo meruhi bab-bab sing luwih rinci jroning lapuran pembangunan manungsa.
IPM ngukur pencapaian rata-rata sawiji negara jroning 3 dimènsi dhasar pembangunan manungsa:
- urip sing séhat lan dawa umuré, sing diukur nganggo pangarep-arep urip nalika lair
- Kawruh sing diukur nganggo angka tingkat waca tulis ing wong diwasa (boboté rong protelon) lan kombinasi pendhidhikan dhasar , menengah , dhuwur gross enrollment ratio (bobot sakprotelon).
- standard kauripan sing layak diukur nganggo logaritma natural saka prodhuk domèstik bruto per kapita ing paritasi daya beli.
Saben taun Dhaptar negara miturut IPM diumumaké miturut panilaian ing dhuwur. Pangukuran alternatif liya ya iku Indèks Kemiskinan Manungsa sing luwih fokus marang kemiskinan.
Metodhologi [sunting]
| OECD Eropa lan CIS Amérika Latin lan Karibia Asia Wétan | Negara Arab Asia Kidul Afrika Sub-Sahara |
Umumé kanggo ngowahi sawijining variabel awal, umpamané
, tumrap sawiji index bebas antara 0 lan 1 (sing ngéntukaké indèks sing béda kanggo ditambahaké minangka siji kesatuan), formula sing dianggo ya iku:
-index = 
ing ngendi
lan
arupa variabel angka maksimum lan minimum
sing bisa diasilaké.
IPM nggambaraké telu indhikator umum:
- Indèks Pangarep-arep Urip =

- Indèks Pendhidhikan =
- Angka melèk aksara diwasa (ALI) =

- Gross Enrollment Ratio (GER) =

- Angka melèk aksara diwasa (ALI) =
- Indèks PDB =

LE: Angka pangarep-arep urip
ALR: Angka melèk aksara
CGER: Combined gross enrollment ratio
GDPpc: PDB perkapita miturut PPP jroning USD
UNDP wis nyiptakaké cathetan tèknis pangitungan IPM (pirsani pranala ing ngisor).
Indonésia [sunting]
- taun 1980 = 0,522
- taun 1985 = 0,562
- taun 1990 = 0,624
- taun 1995 = 0,658
- taun 2000 = 0,673
- taun 2003 = 0,709
- taun 2004 = 0,714
- taun 2005 = 0,723
- taun 2006 = 0,729
- taun 2007 = 0,734
cathetan : Tanggal 18 December 2008 diluncuraké sistem pangitungan anyar marang IPM kanthi nglebokaké GDP PPP sing anyar. Bab iki nduwèni akibat marang owahing angka IPM saben negara lan rangkingnya ing donya. Miturut dhaptar sing anyar, IPM indonésia ing taun 2007 ya iku = 0,734 [4]
Lapuran 2006 [sunting]
Lapuran iki diumumaké ing Cape Town, Afrika Kidul tanggal 9 November 2006.[5]
30 paling dhuwur IPM (0.965 nganti 0.885) [sunting]
Norwegia 0.965 (
)
Islandia 0.960 (
)
Australia 0.957 (
)
Republik Irlandia 0.956 (
4)
Swedia 0.951 (
1)
Kanada 0.950 (
1)
Jepang 0.949 (
4)
Amerika Serikat 0.948 (
2)- Cithakan:NLD 0.947 (
2)
Swiss 0.947 (
)
Finlandia 0.947 (
2)- Cithakan:LUX 0.945 (
8)
Belgia 0.945 (
4)
Austria 0.944 (
3)
Denmark 0.943 (
1)
Britania Raya 0.942 (
1)
Prancis 0.940 (
1)
Italia 0.940 (
3)
Spanyol 0.938 (
2)
Selandia Baru
0.936 (
1)
-
Jerman 0.932 (
1)- Cithakan:HKG 0.927 (
)
Bosnia-Herzegovina
0.927 (
)
-
Yunani 0.921 (
)
Singapura 0.916 (
)
Koréa Kidul 0.912 (
2)- Cithakan:SVN 0.910 (
1)
Libya
0.904 (
1)
3 paling gedhé / 3 paling cilik per wilayah [sunting]
Negara sing ora kalebu pétungan [sunting]
Para juwara kapungkur [sunting]
Negara-negara kanthi IPM nomer siji ing dhaptar taun-taun kapungkur.
- 2006 - Cithakan:Bendera norway
- 2005 - Cithakan:Bendera norway
- 2004 - Cithakan:Bendera norway
- 2003 - Cithakan:Bendera norway
- 2002 - Cithakan:Bendera norway
- 2001 - Cithakan:Bendera norway
- 2000 - Cithakan:Bendera canada
- 1999 - Cithakan:Bendera canada
- 1998 - Cithakan:Bendera canada
- 1997 - Cithakan:Bendera canada
- 1996 - Cithakan:Bendera canada
- 1995 - Cithakan:Bendera canada
- 1994 - Cithakan:Bendera canada
- 1993 - Cithakan:Bendera japan
- 1992 - Cithakan:Bendera canada
- 1991 - Cithakan:Bendera japan
- 1990 - Cithakan:Bendera canada
- 1985 - Cithakan:Bendera canada
- 1980 - Cithakan:Bendera switzerland
Rujukan [sunting]
- ^ Davies, A. and G. Quinlivan (2006), A Panel Data Analysis of the Impact of Trade on Human Development, Journal of Socioeconomics
- ^ http://hdr.undp.org/en/media/HDI2008Tables.xls
- ^ http://hdrstats.undp.org/en/indicators/81.html
- ^ http://hdrstats.undp.org/en/indicators/87.html
- ^ http://hdr.undp.org/hdr2006/
- ^ Pirsani dhaptar negara miturut IPM.
- ^ Pirsani dhaptar negara miturut IPM.
Deleng uga [sunting]
- Dhaptar negara miturut Indèks Pembangunan Manungsa
- Dhaptar provinsi Indonésia miturut Indèks Pembangunan Manungsa
- Freedom House
- Negara donya katelu
- Negara maju
Pranala njaba [sunting]
- (en)2009 UNDP Human Development ReportPDF (0.739 MiB)
- (en)Human Development Report Office
- (en)2006 UN Human Development Index ReportPDF (7.88 MiB)
- (en)2005 UN Human Development Index ReportPDF (1.31 MiB)
- (en)Technical note explaining the definition of the HDIPDF (598 KiB)
- (en)List of countries by HDI at NationMaster.com




