Ara-ara
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Ara-ara iku lemah kang jembar, ora digarap kayadéné sawah lan tegalan. Ing karang padésan ara-ara iki kerep dadi panggonan angon sapi utawa panggonan dolanan bocah angon kayata dolanan bal-balan, manjer layangan, golèk jangkrik lan sapanunggalané. Lemah utawa lahan sing diumbar bera iku biasané amarga kakurangan banyu sing diperlokaké déning tetanduran budidaya.
Ing tlatah kutha uga kerep tinemu lahan sing dadi ara-ara, bab iki biasané amarga anané pasulayan bab hak milik utawa isih diumbar déning sing duwé lahan sinambi nunggu regané mundhak.
Deleng uga [sunting]
Cathetan sikil [sunting]
Pranala njaba [sunting]
Pirsani galeri bab Ara-ara ing Wikimedia Commons.
- UK Wild Meadows Website
- Flora locale - information on creating wildflower meadows
- Meadow Planting
- A Year in a Meadow (Ottawa Canada)
- Grow a Back Yard Meadow (Ottawa Canada)