Jangkrik
| Jangkrik | |
|---|---|
| The common black cricket, Gryllus assimilis | |
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Animalia |
| filum: | Arthropoda |
| kelas: | Insecta |
| ordo: | Orthoptera |
| Suborder: | Ensifera |
| Superkulawarga: | Grylloidea |
| kulawarga: | Gryllidae Bolívar, 1878 |
| Subfamili | |
|
Pirsani Seksi Taksonomi |
|
Jangkrik iku kéwan sing kalebu kulawarga Gryllidae, yaiku jinis srangga sing isih kerabat karo walang, duwé awak rata lan sungut dawa. Jangkrik iku omnivora, ditepungi mawa swarané sing mung diasilaké déning jangkrik lanang. Swara iki digunakaké kanggo narik jangkrik wadon lan nulak jangkrik lanang liyané. Suwara jangkrik iki saya seru kanthi munggahé suhu ing papan saubengé. Ana watara 900 spesies jangkrik.
Jangkrik wis diingu manungsa kawit biyèn, lan ing Asia dianggep minangka panggawa kabegjan. Ing Caraguatatuba, Brazil, jangkrik ireng ing jeron ruangan dipercaya minangka tenger tekané penyakit, jangkrik ijo tengering pangarep-arep, lan jangkrik klawu tetenger dhuwit. Jroning komedi, suwara jangkrik biasané dipigunakaké kanggo nengeri lawakan sing ora lucu lan ora gawé wong ngguyu.
[sunting] Jinising
- Jaliteng yaiku jangkrik kang kanthi werna ireng
- Jerabang yaiku jangkrik kang wernane abang
- Jelanda yaiku jangkrik kang werna awake abang kabeh
- Bedah Galeng yaiku kang ana ing galengan lan wujud awake luwih gedhe
- Bambang Pring yaiku jangkrik kang urip sakngisore wit pring
- Gangsir
[sunting] Pranala njaba
| Wikispecies duwé informasi ngenani |
|
|||||