Mihrab

Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi

Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Artikel iki bagéyan saka sèri
Islam
Mosque02.svg
Rukun Islam
Sahadat · Shalat · Zakat
Pasa · Kaji
Rukun Iman
Allah · Kitab · Malaikat ·
Nabi · Dina Akhir · Takdir
Tokoh Islam
Muhammad
Nabi & Rasul · Ahlul Bait
Para Sahabat · Tabiin · Tabiut tabiin
Kutha Suci
Mekkah · Madinah · Yerusalem
Riyaya
Idul Adha · Idul Fitri
Dina Penting
Hijrah · Maulid · Asyura
Penanggalan
Muharam · Safar
Rabiulawal · Rabiulakhir
Jumadilawal · Jumadilakhir
Rajab · Syakban · Ramadan
Syawal · Dzulkaidah · Dzulhijjah
Arsitektur
Mesjid · Ka'bah
Menara · Mihrab · Mimbar
Arsitektur Islam
Jabatan Fungsional
Khalifah · Ulama · Mufti
Imam · Muadzin
Teks & Hukum
Al-Qur'an · Hadits · Sunnah
Fiqih · Fatwa · Syariat
Aliran
Sunni:
Hanafi · Hambali · Maliki · Syafi'i
Syi'ah:
Rolas Imam · Ismailiyah · Zaidiyah
Liyané:
Khawarij · Murji'ah · Mu'taziliyah
Gerakan
Hizbullah · Hizbut Tahrir
Ikhwanul Muslimin · Tasawuf
Wahabi · Salafiyah
Ormas Islam ing Indonésia
Nahdlatul Ulama · Muhammadiyah
Persis · MUI · LDII
Uga pirsanana
Gapura:Islam
Indeks artikel bab Islam
pirsani  rembag  sunting

Mihrab (Basa Arab: ألمحراب pl. محاريب) yakuwi sawijining ceruk, utawa cekungan ing témbok (mesjid) kang nuduhaké arahé kiblat, yakuwi arah dumunungé Ka'bah minangka arah madhep kanggoné umat Islam kang lagi shalat. Témbok kang ana mihrabé diarani témbok kiblat.

Mihrab, aja diklérokaké karo mimbar, yakuwi papan kangoné imam mènèhi kotbah.

Bab lan Paragraf

[sunting] Sajarah

Mihrab at a mosque in Cairo

Tembung mihrab asliné saka tembung kang ora ana hubungané karo agama, lan maknané kamar kusus, kayadéné ruang kanggo ndèlèh tahta ing sawijining istana. Fath al-Bari (k. 458), mrayogakaké makana mihrab kuwi "panggonan kang paling kinurmatan kanggo para raja" lan "panggonan kang utama, ing ngarep lan paling kinurmatan." Buku The Mosques in Islam (k. 213), minangka tambahan tumrap sumber-sumber ing basa Arab, nyuplik Theodor Nöldeke lan liyané mrayogakaké yèn mihrab kuwi asliné minangka ruang singgasana.

Istilah mihrab diagem déning Nabi Muhammad SAW kanggo njenengaké kamar pribadhi panjenengané kanggo ngayahi ibadat. Kamar mau diparingi aksès menyang mesjid kang dunungé ana ing sisihé kamar, lan Nabi mlebu mesjid liwat kamar mau. Makna asli mihrab minangka kamar/ruang kusus ing ngomah - tetep digunakaké ing kalangan kapercayan Judaism, kang migunakaké mihrab kanggo ruang ibadat pribadhi.

Jroning amngsa kakuwasan kalifah Usman Ibn Affan (r. 644-656), mréntahaké masang tulisan ing témbok mesjid ing Madinah supaya para jamaah gampang nengeri arahé kiblat. Nanging tandha tulisan mau mung arupa tandha lan témboké tetep rata. Jroning mangsa Al-Walid ibn Abd al-Malik (Al-Walid I, r. 705-715), mesjid Nabawi di rénovasi lan (wāli) Madinah, Umar Ibn Abdul Aziz, mréntahaké nggawé ceruk kanggo nengeri témbok kiblat (kang nengeri arah kiblat), lan ing panggonan iki tulisan Usman dipasang.

Suwé-suwé, ceruk ing mesjid mau dadi dimangertèni déning umum minangka arah kiblat lan dadi salah sawijining kalengkapan ing mesjid.

[sunting] Ing mangsa saiki

Mihrab in Hagia Sophia, Istanbul.

Saiki, ukuran Mihrab werna-werna, biasané dipaèsi nganggo ornamèn dékorasi lan asring diripta kanggo mènèhi imprèsi minangka dalan ka Mekkah.


[sunting] Referensi

[sunting] Delengen uga

[sunting] Pranala jaba


Allah-green.svg
Sumber artikel iki saka kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/wiki/Mihrab"