Madinah
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
| Kutha Suci Al Madinah Al Munawwarah المدينة المنورة Madinah |
|
| Location in the Kingdom of Saudi Arabia | |
| Coordinates: Cithakan:Geobox coor | |
|---|---|
| Propinsi | Propinsi Madinah |
| Government | |
| - Walikutha | Abdulaziz Al-Hussein |
| Jembar | |
| - Total | 173.000 km² (66.795,7 sq mi) |
| Elevasi | Cithakan:Lengthdisp |
| Populasi (2006) | |
| - Total | 1.300.000 |
| Zona Wektu | Arabia Standard Time (UTC-3) |
Madinah IPA: /mɛˈdiːnə/ (Basa Arab: المدينة المنورة IPA: [ælmæˈdiːnæl muˈnɑwːɑrɑ] or المدينة IPA: [ælmæˈdiːnæ]; uga ditransliterasi dadi Basa Inggris : Madinah; resminé al Madīnat al Munawwarah) kuwi kutha ing tlatah Hejaz, Saudi Arabia bagéan kulon, lan minangka ibukutha propinsi Al Madinah. Kutha iki minangka kutha suci namer loro ing agama Islam, panggonan disarèkaké Nabi Muhammad.
Pedunung cacahé luwih saka 1,300,000 (taun 2006). Madinah asliné dikenal minangka Yathrib, nanging banjur diowahi dadi Madīnat al-Nabī (مدينة ﺍﻟﻨﺒﻲ IPA: [mæˈdiːnæt æˈnːæbiː] "kutha Nabi") utawa Al Madīnah al Munawwarah ("kutha sing dipadhangi/diènthèngké" utawa "kutha suminar"). Madinah dumunung 338 kilometer sisih lor Mekah lan kira-kira 193 km saka panté Segara Abang. Kutha iki manggon ing tlatah sing paling subur ing tlatah Hejaz. Masjid Nabawi (Masjid Nabi) ngadeg ing sisih wétan kutha lan sarupa karo masjid ing Mekah nanging ukurané luwih cilik. Platarané mèh ana 152 m dawané, kanthi kubah lan telu menaran kang éndah.
Makam Fatimah (putri Nabi Muhammad) lan Abu Bakar ( kalifah pisanan lan bapaké Aisha sisihané Nabi Muhammad, lan Umar (Umar ibn Khattab), kalifah kaloro uga dumunung ing kéné. Masjid Nabawi jamané Nabi Muhammad, wis tau kobong ping pindho lan didandani.
[sunting] Delengen uga
[sunting] Pranala jaba
- Beautiful Masajids Of Madina Munawara, Details And Pictures- Completely In Urdu
Pirsani pandhuan wisata Madinah ing Wikitravel
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.

