Mimbar
|
Mimbar (Basa Arab: منبر, kuwi sawijining panggonan ing mesjid kanggo Imam ngadeg lan mènèhi (kotbah خطبه ). Mimbar biasané awangun mèmper menara cilik kanthi undhak-undhakan lan biasané dipaèsi nganggo ornamèn kang éndah,nanging akèh uga kang prasaja banget awujud panggung cilik nganggo trap utawa tlundhakan. Mimbar dumunug ana ing sisih tengené mihrab, cekungan panggonan imam mimpin shalat jamaah madhep kiblat ing sajroning mesjid.
Ing sawetara mesjid, uga ana papan kusus kanggo muazin ing sakmburiné mimbar, minangka panggonan muazin jroning ngayahi ibadat. Muazin kuwi tugasé ngumandhangaké adzan lan nyerokaké wangsulan tumrap apa kang diwaca déning Imam. Imam jumeneng ana ing mimbar nalika mènèhi kotbah ing Shalat Jumat, Shalat Idul Fitri lan Shalat Idul Adha. Amarga panggonané rada didhuwuraké, saka mimbar mau Imam bisa luwih gampang mirsani (lan dideleng) jamaahé. Imam kudu manggon ana ing trap kang paling dhuwur nyonto apa kang tuladha Nabi Muhammad.SAW Ing agama liya, mimbar uga dipigunakaké ing gréja-gréja minangka panggonan kanggo mimpin ibadat ing agama kristen.
Delengen uga [sunting]
Pranala jaba [sunting]
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.