Ahlul Bait
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
|
Ahlul-Bait (Basa Arab: أهل البيت) iku istilah sing arti sawantahé "Wong Ngomah" utawa kaluwarga. Ing Islam, istilah iki umumé katujokaké marang kaluwarga Muhammad. Ing antarané Muslim Syi'ah lan Sunni ana prabédan. Syi'ah nduwé panemu yèn Ahlul Bait iku ngrungkebi limang wong, yaiku Ali, Fatimah, Hasan lan Husain dadi ahlul bait saliyané Muhammad). Ing Sunni, Ahlul Bait iku kaluwarga Muhammad sawutuhé, klebu kabèh bojoné, putu-putuné, lan kadhang uga mertua lan mantu-mantuné.