Sahadat

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Artikel iki bagéyan saka sèri
Islam
Allah1.png
Rukun Islam
Syahadat · Shalat · Pasa
Zakat · Kaji
Rukun Iman
Allah · Al-Qur'an · Malaikat
Nabi · Dina Akhir
Qada & Qadar
Tokoh Islam
Muhammad SAW
Nabi & Rasul · Sahabat
Ahlul Bait
Kota Suci
Mekkah ·Madinah · Yerusalem
Najaf · Karbala · Kufah
Kazimain · Mashhad ·Istanbul
Riyaya
Hijrah · Idul Fitri · Idul Adha
· Asyura · Ghadir Khum
Arsitektur
Mesjid ·Menara ·Mihrab
Ka'bah · Arsitektur Islam
Jabatan Fungsional
Khalifah ·Ulama ·
Imam·Mullah·Ayatullah · Mufti
Teks & Hukum
Al-Qur'an ·Hadist · Sunnah
Fiqih · Fatwa · Syariat
Mazhab
Sunni
Hanafi ·Hambali
Maliki ·Syafi'i
Syi'ah
Rolas Imam
Ismailiyah·Zaidiyah
Liyané
Ibadi · Khawarij
Murji'ah·Mu'taziliyah
Delengen uga
Portal Islam
Indeks perkara Islam

Sahadat kuwi rukun Islam kang kapisan lan minangka asas sarta dhasar kanggoné rukun Islam liyané. Sahadat minangka ruh, inti lan landhesan kabèh ajaran Islam. [1]Sahadat asring disebut kanthi jeneng Syahadatain amarga dumadi saka rong kalimat (Jroning basa Arab Syahadatain maknané 2 kalimat Sahadat). Kaloro kalimat Sahadat imau yaiku:

  • Kalimat pisanan : Syahadat1.gif
Asyhadu An-Laa Ilâha Illallâh
maknané : Aku anyekséni menawa ora ana Ilah/sesembahan ingkang haq kajaba Allah
  • Kalimat kaloro : Syahadat2.gif
wa Asyhadu Anna Muhammadar Rasulullâh
maknané: lan aku anyekséni menawa Muhammad kuwi Rasul / utusan Allah.

Tegesé Sahadat[2][sunting | sunting sumber]

  • Kalimat pisanan nuduhaké pangakon tauhid. Maknané, muslim percaya yèn Gusti Allâh minangka siji-sijiné sesembahan sing kudu disembah.
  • Kalimat kaloro nuduhaké pangakon yèn Nabi Muhammad kuwi utusan Allâh. Kanthi ikrar kalimat iki wong muslim mantapaké dhiri kanggo ngyakini ajaran Allâh kaya kang disampaéaké liwat Nabi Muhammad saw, contoné ngyakini hadist-hadist Muhammad saw. Klebu ing jeroné yakuwi ora percaya marang klaim kerasulan sawisé Nabi Muhammad.

Tegesé LAA ILAAHA ILLALLAH[3][sunting | sunting sumber]

Yèn kita tilik sabeneré kalimat LAA ILAAHA ILLALLAH ngandung rong makna, yaiku makna panulakan kabèh wangun sesembahan saliyané Allah, lan makna netepaké yèn siji-sijiné sesembahan kang bener mung Gusti Allah waé.

Magepokan karo mangertèni kalimat iku Allah ta'ala maringi firman: "Mula weruhana yèn ora ana sesembahan kang bener saliyané Allah" (QS Muhammad : 19)

Adhedhasar ayat iki, ngèlmoni makna Sahadat tauhid kuwi wajib lan kudu didhisikaké tinimbang rukun-rukun Islam liyané. Séjéné kuwi Nabi Muhammad SAW mratélakaké: "Sing sapa ngucapaké LAA ILAAHA ILLALLAH kanthi ikhlas bakal mlebu swarga" ( HR Ahmad)

Kang dikarepaké kanthi ikhlas yakuwi kang faham, ngamalaké lan ndhakwahaké kalimat mau sadurungé liyané, amarga ing jeroné ana kandhungan tauhid kang Allah nyiptakaké alam awit kuwi. Rasul ngajak paman beliau Abu Thalib, nalika arep séda kanthi ajakan "Duh pamanku ucapké LAA ILAAHA ILLALLAH sawijining kalimat kang tak dadèké minangka hujah ing ngarsané Allah", nanging Abu Thalib ora kersa ngucapaké lan séda jroning kahanan musyrik.

Rasulullah shallallahu alaihi wa sallam lenggah 13 taun ing Mekkah ngajak wong-wong kanthi ajakan beliau "Ujarké LAA ILAAHA ILLALLAH" lan wong-wong kafir njawab "Ibadah marang sesembahan kang siji, kita ora tau krungu saka wong tua kita ". Wong qurays ing Zaman Nabi faham banget makna kalimat mau, lan sing sapa kang ngucapaké ora bakal ndonga marang saliyané Allah.

Kandungan Kalimat Sahadat[4][sunting | sunting sumber]

  • Ikrar

Ikrar yaiku ujar sawenèh wong muslim ngenani apa kang diyakini. Nalika ngucapaké kalimat sahadat, kita nduwèni kawajiban kanggo ngedegaké lan merjuangaké apa kang kita ikrarkan mau.

  • Sumpah

Sahadat uga nduwé makna sumpah. Sawenèh wong kang ngucapaké sumpah, maknané gelem nampa akibat lan résiko apa waé jroning ngamalaké sumpahé mau. Maknané, wong muslim iku siap lan tanggung jawab tumrap tegaking Islam lan ajaran Islam.

  • Janji

Sahadat uga nduwé makna janji. Sawenèh muslim (kang ngucapaké sahadat) minangka wong kang nduwé janji setia kanggo mgrungokké lan taat jroning kabèh kahanan marang kabèh printah Allah SWT, kang dikandhung jroning Al Qur'an lan Sunnah Rasul.

Syarat Sahadat[sunting | sunting sumber]

Kaligrafi tulisan Sahadat

Syarat Sahadat yakuwi tanpa kuwi apa sing diucapaké ora sampurna. Mulané yèn wong kang ngucapaké loro kalimat Sahadat tanpa nduwèni syarat-syaraté, bisa diarani Sahadaté ora sah.

Syarat Sahadat ana pitu [5] , yaitu:

  • Kawruh

Wong kang ngucapaké sahadat kudu nduwé kawruh bab sahadat. Dhèkné wajib faham isi rong kalimat kang diucapaké mau, lan gelem nampa konsekuensi ucapané.

  • Kayakinan

Wong kang ngucapaké sahadat kudu ngerti kanthi sampurna makna saka Sahadat tanpa gojak-gajek marang makna iku.

  • Kaikhlasan

Ikhlas maknané resiking ati saka apa waé kang ora sarujuk karo makna Sahadat. Ucapan Sahadat kang campur karo riya utawa pengaruh liyané ora bakal ditampa déning Allah SWT.

  • Kajujuran

Kajujuran kuwi kasarujukan antara ucapan lan lelaku. Wacan sahadat kudu kanthi lisan, diyakini jroning ati, nuli diaktualisasèkaké dalam jroning amal lelaku.

  • Katrisnan

Katrisnan maknané trisna marang Allah lan Rasul-É sarta wong-wong kang iman. Trisna uga kudu dikantèni amarah yaiku kemarahan tumrap kabèh kang bertentangan dengan Sahadat, atau dengan kata lain, semua ilmu dan amal yang menyalahi sunnah Rasulullah SAW.

  • Panampa

Panampa maknané panampaning ati tumrap kabèh kang teka saka Allah lan Rasul-É. Bab iki kudu awoh kataatan lan ibadah marang Allah SWT, kanthi yakin yèn ora ana kang bisa nuduhké lan nyelametaké kajaba ajaran syariat Islam, yakuwi kanggoné wong muslim ora ana pilihan liya kajaba Al Qur'an lan Sunnah Rasul.

  • Katundukan

Ketundhukan yaiku tundhuk lan nyerahaké marang Allah lan Rasul-É sacara lahiriyah. Maknané, wong muslim kang ngucapké sahadat kudu ngamalaké kabèh perintah Allah lan ninggalaké kabèh larangan Allah. Béda antara panampa lan katundhukan yaiku yèn panampa déning ati, déné katundhukan dilakoni nganggo fisik.Mula, saben muslim kang ngucapké sahadat tansah siap nglaksanakaké ajaran Islam jroning uripé.

Dasar Tauhid lan Islam[6][sunting | sunting sumber]

LAA ILAAHA ILLALLAH yakuwi asas saka Tauhid lan Islam, kanthi ucapan mau direalisasèkaké kabèh wujud ibadah marang Allah kanthi katundhukan marang Allah, ndonga mung marang Allah lan adhedhasar hukum syariat Allah.

Sawijining ulama misuwur Ibnu Rajab ngendika: Al ilaah yakuwi kang ditaati lan ora dimaksiati, diagungaké lan, ditresnani, diwedèni, lan dijaluki pitulung. Iku kabèh ora kena dipléngakaké kajaba marang Allah. Kalimat LAA ILAAHA ILLALLAH nduwèni manfaat tumrap wong kang ngucapaké, kajaba banjur mbatalaké ngaggo aktifitas syirik.


Referensi[sunting | sunting sumber]

  1. ^ Pentingnya Dua Kalimat Sahadat
  2. ^ Makna Syahadat
  3. ^ Tahukah Antum Makna Syahadat Laa Ilaaha Illallaah
  4. ^ Kandungan Kalimat Syahadat
  5. ^ Syahadat yang diterima Allah SWT
  6. ^ Tahukah Antum Makna Sahadat Laa Ilaaha Illallaah

Delengen uga[sunting | sunting sumber]

Pranala jaba[sunting | sunting sumber]

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Sahadat&oldid=812761"