Miqat
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
|
Miqat (Basa Arab: ميقات) kuwi panggonan wates kanggo miwiti ritual Ibadah Kaji lan Umrah. Yèn ngliwati wates iki para jamaah haji lan umrah kudu wis nganggo sandhangan ihram lan niat.
Miqat ana rong jinis :
- Miqat Zamani (ﻣﻴﻘﺎﺕ ﺯﻣﺎﻧﻲ) - wates kang ditentokaké adhedhasar wektu:
-
- Kanggoné ibadah kaji, miqat wiwit wulan Syawal nganti wektu fajar tanggal 10 Zulhijah yakuwi nalika ibadah kaji diwiwiti.
- Kanggoné ibadah umrah, miqat zamani diwiwiti wektu-wektu kang bisa dilaksanakake ibadah umrah.
- Miqat Makani (ﻣﻴﻘﺎﺕ ﻣﻛﺎﻧﻲ) - wates kang ditentokaké adhedhasar panggonan:
-
- Kanggo pedunung Mekkah, panggonan kanggo ihram kaji yakuwi kutha Mekkah (omahé dhéwé). Kanggo umrah apiké metu saka tanah haram Mekkah, apiké wiwit saka Jiranah, Tan'im utawa Hudaibiyah.
- Kanggo sing teka saka arah wétan (klebu saka Indonesia), miqat ing Yalamlam (ﻳﻠﻣﻠﻢ) utawa Jeddah (ﺟﺪﻩ). Bab miqat saka Jeddah iki ana sawetara kang ora sarujuk. [1] Nanging Komisi Fatwa Majelis Ulama Indonesia wis netepaké yèn jamaah kaji saka Indonesia bisa miqat saka Jeddah.[2]
- Kanggo sing teka saka kulon kaya Mesir, miqat ing Juhfah (ﺟﺤﻔﻪ).
- Kanggo kang teka saka kidul kaya Yaman, miqat ing Qarnul Manazil (ﻗﺮﻦﺍﻠﻣﻨﺎﺯﻝ).
- Kanggo sing teka saka Madinah, miqat ing Dzulhulaifah Abyar 'Ali (ﺫﻭﺍﻟﺣﻠﻴﻔﻪ ﺍﺑﻳﺎﺭ ﻋﻠﻲ).
- Kanggo sing teka saka arah Irak, miqat saka Dzatu 'Irq (ﺫﺍﺕ ﻋﺮﻕ).