Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Jumrah (basa Arab: jamarah, jamak: jamaraat) kuwi tugu saka watu kang dibalangi krikil jroning ritual ibadah kaji. Dunungé ana ing Mina cedhak kutha Mekkah lan cacahé ana telu, yakuwi kang paling gedhé jenengé Jumrah Aqabah, déné jumrah liyané sing luwih cilik jenengé Jumrah Ula lan Jumrah Wustha.
Mbalang jumrah [sunting]
Mbalang jumrah iku hukumé wajib jroning ngayahi ibadah kaji. Nalika ibadah kaji mau para jemaah kaji kudu mbalang jumrah nganggo krikil kanggo mèngeti lelaku Nabi Ibrahim kang mbalangi sétan-sétan kang nggoda nalika Nabi Ibrahim arep ngèstokaké dhawuhé Gusti Allah ngurbanaké putrané Ismail. Para jemaah nglumpukaké krikil kang dianggo mbalang jumrah mau ana ing tlatah Muzdalifah. Kagiatan mbalang jumrah iki minangka kagiatan kaping sanga jroning urutan kagiatan-kagiatan ritual kang kudu dilakoni wektu nglaksanakaké Ibadah Kaji. Ritual mbalang jumrah iki mung dilakoni jroning ibadah kaji lan ora ana jroning ibadah umrah.
Amarga sipaté wajib mula jama'ah sing ora ngayahi mbalang jumrah kudu mbayar Dam (dendha) arupa nyembelèh wedhus. Yèn ora kuwawa bisa diganti mbayar fidyah utawa pasa 10 dina yaiku telung dina ing mangsa kaji ing tanah suci lan sisané dilakoni ing omah.
Nalika mbalang jumrah iki kerep kedadéyan kacilakan amarga kurang luwih rong yuta jamaah kaji bebarengan lan dhesek-dhesekan ing panggonan sing padha. Mula saiki wis dibangun jalur kanggo mbalang jumrah nganti limang tingkat lan wis dipepaki sarana pengawasan sacara èlèktronik[1]
Tabel wektu mbalang jumrah [sunting]
| Tabel wektu mbalang jumrah (nafar Awal) |
| Tanggal |
Kagiatan |
Wektu paling wiwitan |
Wektu pungkasan |
| 10 Dulhijah |
Mbalang jumrah Aqabah kaping pitu |
Soré |
Tengah wengi |
| 11 Dulhijah |
Mbalang telu jumrah kanthi urutan: Ula, Wustha, Aqabah |
Surup |
Tengah wengi |
| 12 Dulhijah |
Mbalang telu jumrah kanthi urutan: Ula, Wustha, Aqabah |
Surup |
Tengah wengi |
| Tabel wektu mbalang jumrah (nafar Sani) |
| Tanggal |
Kagiatan |
Wektu paling wiwitan |
Wektu pungkasan |
| 10 Dulhijah |
Mbalang jumrah Aqabah kaping pitu |
Soré |
Tengah wengi |
| 11 Dulhijah |
Mbalang telu jumrah kanthi urutan: Ula, Wustha, Aqabah |
Surup |
Tengah wengi |
| 12 Dulhijah |
Mbalang telu jumrah kanthi urutan: Ula, Wustha, Aqabah |
Surup |
Tengah wengi |
| 13 Dulhijah |
Mbalang telu jumrah kanthi urutan: Ula, Wustha, Aqabah (Mung tumrap nafar sani) |
Surup |
Tengah wengii |
Pranala jaba [sunting]