Al-Qur'an
Al Qur'an menika kitab sucinipun agama Islam. Ummat Islam pitados bilih Al Qur'an menika puncak lan panutuping wahyu Allah kangge manungsa. Piwulang menika dipun wulangaken marang Nabi Muhammad SAW kanthi lantaran Malaikat Jibril.
Menawi dipun runut saking ngelmu basa, Al Qur'an menika tegesipun "wewacan" utawi "kang diwaca bola-bali." Ukara menika saking qara'a (قر أ) ingkang tegesipun "maca". Penganggem ukara menika saged dipun mangertosi ing ayat 17 lan 18 Surat Al-Qiyaamah.
Bab lan Paragraf |
[sunting] Terminologi
Dr. Subhi Al Salih ngandharake artine Al-Qur'an kanthi mekaten:
"Kalam Allah SWT kang awujud mukjizat kang dilumantarake marang Nabi Muhammad kang tinulis ing mushaf (lembaran) lan diriwayataake kanthi mutawatir (terus nyambukanthi bener) lan yen maca awujud ibadhah."
Dene Muhammad 'Ali ash-Shabuni ngandharake kanthi ukara:
"Al-Qur'an iku kalam Allam kang tanpa tandhing, tinurunke marang Nabi Muhammad pungkasaning para nabi lan rasul, kanthi prantara malaikat Jibril lan as lan tinulis ing mushaf-mushaf kang banjur tekan kita kabeh kanthi mutawatir, lan yen maca lan nyinaoni bakal dianggep ibadhah, kanthi diwiwiti surat Al-Fatihah lan ditutup nganggo surat An-Nas"
kanthi katrangan kados ing nginggil menika, Al Qur'an dibedaaken kaliyan kitab saderengipun Nabi Muhammad, yaiku Kitab Taurat utawa Injil.
[sunting] Dasanama Al Qur'an
|
Ing kitab suci menika ugi wonten katrangan bilih Al Qur'an uga nggadahi dasanama utawa sebutan-sebutan sanesipun.
- Al-Kitab, QS(2:2),QS (44:2)
- Al-Furqan (kang mbedaake bener luput): QS(25:1)
- Adz-Dzikr (kang menehi peringatan): QS(15:9)
- Al-Mau'idhah (pelajaran/pitutur): QS(10:57)
- Al-Hukm (peraturan/hukum): QS(13:37)
- Al-Hikmah (kewicaksanan): QS(17:39)
- Asy-Syifa' (obat): QS(10:57), QS(17:82)
- Al-Huda (petunjuk): QS(72:13), QS(9:33)
- At-Tanzil (kang tinurunake): QS(26:192)
- Ar-Rahmat (kurnia): QS(27:77)
- Ar-Ruh (roh): QS(42:52)
- Al-Bayan (panerang): QS(3:138)
- Al-Kalam (pangucap/firman): QS(9:6)
- Al-Busyra (kabar gumbira): QS(16:102)
- An-Nur (cahya): QS(4:174)
- Al-Basha'ir (pitudhuh): QS(45:20)
- Al-Balagh (caraka/kabar) QS(14:52)
- Al-Qaul (ukara/ucapan) QS(28:51)
[sunting] Gegayutanipun kaliyan kitab-kitab sanes
Al Qur'an ugi wonten gayutipun kaliyan kitab saderingipun (Taurat, Zabur, Injil, lan lembaran Ibrahim).
- Al Qur'an nuntut supados piyantun Islam pitados bilih kitab-kitab menika wonten QS(2:4)
- Al Qur'an tinitah kangge ngleresaken lan pamawas kitab-kitab saderengipun. QS(5:48)
- Al Qur'an dados referensi kangge ngicalaken sulaya ing antarane rasul-rasul kang beda. QS(16:63-64)
- Al Qur'an ngleresaken sejarah. Ing kitab pungkasan menika wonten crita-crita ngenani umat lan uga rasul-rasul kepungkur. Ing sawetara crita, wonten ingkang boten sami kaliyan menapa ingkang sinerat ing kitab sanesipun.
[sunting] Proses turuning
- Malaikat nglebetaken wahyu ing salebeting manahipun Nabi Muhammad.
- Malaikat memba rupa dados tiyang jaler lan murukake marang Rasululllah.
- Wahyu tumurun kados dene thing-thingan lonceng.
- Malaikat boten memba rupa dados sinten-sinten lan nekani Nabi Muhammad kanthi pawakan aslinipun.
[sunting] Peranganing Al Qur'an
Al Qur'an menika sinusun saking 114 perangan kang sinebut surat utawa surah.Saben surat dipuncacah malih dados sawetara ayat. Surat kang paling dawa inggih menika Al Baqarah (286 ayat) lan paling cekak Surat Al kautsar (3 ayat). Sedayanipun wonten 6236 ayat. Angka menika wonten ingkang beda ing antawisipun ahli satunggal lan satunggalipun, ananging wosipun sami. Umumipun namung perkara sulaya cara ngetangipun kemawon. Surat-surat kang dawa dipunperang malih kanthi sebutan ruku'. Ruku' iku kumpulaning ayat kang ngrembag perkawis tinamtu.
Menawi dipilah saking panggenan tumurunipun, Al Qur'an dipunpilah dados kalih: Surat-surat makkiyah lan Madaniyah. Surat Makkiyah inggih menika surat kang wahyune tumurun nalika ing Mekkah, dene Madaniyah tumurun ing Madinah. Umumipun, surat Madaniyah langkung dawa tinimbang Makkiyah.
Ing pamilahan liyane, Al qur'an dipunpilah dados 30 perangan kanthi dawaning wos ingkang sami. Perangan-perangan menika sinebut juz. Pamilahan menika kangge nggampilake menawi badhe maos AL Qur'an ing wektu satunggal wulan (30 dina).
Wonten malih pamilahan kanthi ngrujuk dawa-cekakeipun:
- Assab’uththiwaal (pitung surat kang dawa). Inggih antawisipun Surat Al-Baqarah, Ali Imran, An-Nisaa’, Al-A’raaf, Al-An’aam, Al Maa-idah, lan Surat Yunus.
- Al Miuun, (luwih seka satus ayat), inggih antawisipun Surat Hud, Yusuf, Mu'min, lan sapiturute.
- Al Matsaani, (kurang seka satus ayat), inggih antawisipun Al-Anfaal, Al-Hijr, lan liya-liyane.
- Al Mufashshal, (surat-surat cekak), inggih antawisipun Adh Dhuha, Al-Ikhlas, Al-Falaq, An-Nas, lan liyan-liyane.
[sunting] Adab Tumrabe Al-Qur'an
Saderengipun nyenggol utawa nyekel mushaf Al Qur'an, sawijining muslim supados ngresiki badanipun lan kang wigati wudhu langkung rumiyin. Perkawis menika linandhasan tradisi lan interpretasi literal saking surat Al Waaqi'ah ayat 77 dumugi 79.
[sunting] Sejarah Tumuruning AL Qur'an
[sunting] Tumuruning Al Qur'an
Al Qur'an tumurun kanthi dangunipun 23 taun. Mangsa menika dipilah malih dados kalih: Mekkah lan Madinah. Jaman wonten Mekah wekdalipun 13 taun, dene Madinah 10 taun. Dados genep ing 23 taun
[sunting] Kodifikasi AlQur'an lan Ngrembakane
[sunting] Salin basa lan tafsir Al Qur'an
Upaya kangge mangertosi menapa kang wonten ing Al Qur'an tinulad ing sawetara basa lan tinafsir kanthi maneka warna cara. nanging, tafsir menika namung saderma upayaning manungsa lan boten pikantuk nggantos teks aslinipun.
[sunting] Salin basa
Tarjamah utawi salin basa Al Qur'an mana salin basa kang literal lan boten dipunsarengi interpretasi kang tebih. Salin basa menika boten dianggep taksih dereng bisa diwaos kanthi menapa wontenipun. Kudah tiyang tinamtu kang nguwaosi ngelmu-ngelmu agama lan basa arab kang bener supados mangertos saestu kandhunganipun.
Salin basa ing Basa Indonesia ing antawisipun:
- Al-Qur'an dan Terjemahannya, dening Departemen Agama Republik Indonesia.
- Terjemah al-Qur'an, dening Prof. Mahmud Yunus.
- An-Nur, dening Prof. T.M. Hasbi Ash-Siddieqy.
Salin basa ing Basa Jawa:
- Qur'an Kejawen (bs. Jawa), dening Kemajuan Islam Jogyakarta
- Al-Ibriz (Bs. Jawa), dening K.H. Bisyri Mustafa Rembang.
- Al-Qur'an Suci Basa Jawi (bs. Jawa), dening Prof. K.H.R. Muhamad Adnan.
[sunting] Tafsir
Tafsir Al Qur'an kang kondhang antawisipun :
- Tafsir Ibnu Katsir
- Tafsir Al Mishbah dening Prof Quraish Shihab
- Tafsir Al Manar, dening Syeh Muhammad Abduh & Rasyid Ridha
- Tafsir Al Bayan
[sunting] Daftar pustaka
- Departemen Agama Republik Indonesia -- Al-Qur'an dan Terjemahannya.
- Faridl, Miftah dan Syihabudin, Agus --Al-Qur'an, Sumber Hukum Islam yang Pertama, Penerbit Pustaka, Bandung, 1989 M.
[sunting] Delengen Uga
[sunting] Pranala njaba & Referensi
- Kamus Istilah Al Qur'an
- Al Quran Online Translation & Listen
- Ulum al Qur'an by Ahmad von Denffer
- Cimbuak.net Salin basa Al-Quran ing basa Indonesia.
- Faizani.com salin basa Al-Quran ing basa Inggris.
- Freequran.org Terjemahan Al-Quran dalam beberapa bahasa.
- e-mushaf.com Salin basa Al-Quran ing maneka basa (16 bahasa).