Kutha Surabaya
|
|||
| Motto: "---" (---) |
|||
![]() |
|||
| Dina Dadi: | 31 Mei 1293 | ||
| Walikutha: | Bambang Dwi Hartono | ||
| Wakil Walikutha: | Arif Afandi | ||
| Jembar - Total: |
274,06 km² |
||
| Kecamatan - Cacahe: |
31 Kecamatan |
||
| Pedhunung - Total: - Kapadhetan: |
+/- 3.5 yuta +/- 9.486,23/km² |
||
| Suku Bangsa: | wong Jawa, wong Madura, wong India, wong Arab | ||
| Agama: | Kejawen, Islam, Protestan, Katolik, Hindu lan Buddha | ||
| Basa: | Basa Jawa Dhialek Surabayaan lan Basa Indonesia | ||
| Kode Telpun: | 031 | ||
Kutha Surabaya iku ibu kutha provinsi Jawa Wétan, Indonésia. Jembar wewengkon kutha iki ± 274,06 km². Kutha iki kalebu kutha gedhé urutan nomer loro sakwisé Jakarta, nanging yèn Jakarta dipérang miturut wilayah administasi yaiku Jakarta Pusat, Jakarta Lor, Jakarta Kidul, Jakarta Wétan, Jakarta Kulon lan Kapuloan Seribu, yèn Surabaya ora dipérang. Mulanè Surabaya banjur dadi kutha sing paling gedhé sak Indonésia. Surabaya uga dadi panggonan kumpul para sudagar kawasan sisih wétan Indonésia.
Bab lan Paragraf |
Sejarah Kutha Surabaya [sunting]
Jeneng Surabaya wiwit ana nalika jaman kraton Majapahit. [1] Jeneng Surabaya kadapuk saka rong ukara yaiku Sura lan Baya.[1] Simbol iki sejatiné kanggo nggambaraké prastawa héroik sing naté kadadéyan ing Ujung Galuh, yaiku prastawa perang antarané tentara Radén Widjaja klawan tentara Tar Tar nalika surya kaping 31 Mei 1293.[1] Awit saka iku tanggal kasebut dadi tanggal lairé kutha Surabaya.[1] Purwakané Surabaya iku awujud padésan ing pinggir kali.jeneng – jeneng désa sing isih dienggo nganti tekan saiki kayata Kaliasin, Kaliwaron, Kalidami, Kétabangkali, Kalikepiting, Darmokali, lan sakpituruté minangka wujud kang bisa njlentrehaké menawa Surabaya iku papan kang sugih banyu lan kali.[1] Surabaya dadi jalur patémonan antarané wong ing alas Jawa klawan wong njaba, amarga Surabaya dumunung ing pinggir segara.[1] Taun 1612 Surabaya dadi pusat dagang.[1] Akéh prau kang labuh ing kali Kalimas tumuju plosok Surabaya.[1] Kutha Surabaya uga duwé gegayutan karo révolusi kamardikan Indonésia.[1] Wiwit jajahan Walanda uga Jepang, Arék Surabaya perang kanggo ngrebut kamardikan Indonésia.[1] . Prastawa mau kadadeyan nganti tekan tanggal 10 Novémber 1945, Arék Surabaya kasil nguwasani Hotél Oranye (saiki Hotél Majapahit) kang nalika iku dadi simbol kolonialisme.[1] Awit saka iku sepréné tanggal 10 Novémber dianakaké upacara kanggo mèngeti dina Pahlawan.[1] Ora mung iku, barang - barang tilas jajahan uga isih katon ing kutha Surabaya mawi bangunan - bangunan kuno.[1]
Geografis [sunting]
Pangg0nan [sunting]
07° 21' Lintang Kidul dan 112° 36' - 112° 54' Bujur Wetan
Dhuwur Kutha [sunting]
3 - 6 mèter saka lumahing segara, kejaba ing sisih kidul ana gumuk tlatah Lidah & Gayungan sing dhuwurè 25-50 mèter saka banyu laut.
Wates Wilayah [sunting]
Sisih Lor : Selat Madura
Sisih Wetan : Selat Madura
Sisih Kidul : Kabupaèn Sidaharja
Sisih Kulon : Kabupatèn Gresik
Jembar wewengkon [sunting]
Jembar wewengkon kutha iki ana 33.306,30 Ha.[2] Kapérang dadi 31 kecamatan lan 160 désa utawa kelurahan.[2]
Pemerentahan [sunting]
Kutha Surabaya ketata saka 31 kecamatan, --- kelurahan lan --- desa. Kecamatan-Kecamatan ing kutha Surabaya yaiku:
|
Surabaya Pusat Surabaya Timur |
Surabaya Utara Surabaya Selatan |
Surabaya Barat |
Pendidikan [sunting]
Perguruan tinggi negeri [sunting]
- Universitas Airlangga (UNAIR) merupakan perguruan tinggi yang paling tua, terletak di pusat kota[3].
- Institut Teknologi Sepuluh Nopember (ITS) merupakan salah satu perguruan tinggi teknik terkemuka di Indonesia, dan dikenal unggul dalam teknologi robotika dan perkapalan/maritim[4].
- Universitas Negeri Surabaya (Unesa, dahulu adalah IKIP Surabaya)[5]
- IAIN Sunan Ampel[6]
- Akademi Angkatan Laut
- Universitas Trunojoyo[7]
Perguruan tinggi swasta [sunting]
- Universitas Hang Tuah
- Universitas Wijaya Kusuma Surabaya. (UWKS)
- Universitas Narotama (UNNAR Surabaya)
- Universitas Ciputra (UC)
- Universitas Pelita Harapan (UPH)
- Sekolah Tinggi Ilmu Komunikasi - Almamater Wartawan Surabaya (STIKOSA - AWS)
- Universitas Surabaya (Ubaya),
- Universitas Kristen Petra,
- Unika Widya Mandala,
- Universitas Ciputra,
- Universitas 17 Agustus 1945 Surabaya.
- Sekolah Tinggi Manajemen Infomatika dan Teknik Komputer Surabaya (STIKOM),
- Institut Sains Terapan dan Teknologi Surabaya (iSTTS),
- Universitas Pembangunan Nasional "Veteran" Jawa Timur,
- Universitas PGRI Adi Buana Surabaya
- Universitas Dr. Soetomo (Unitomo),
- Universitas Muhammadiyah Surabaya (UMS).
- Universitas Bhayangkara Surabaya (Ubhara Surya).
- Universitas Merdeka Surabaya (Unmer Surabaya)
- Universitas Putra Bangsa Surabaya (UPB)
- Universitas Sunan Giri (UNSURI) Surabaya .
- Institut Teknologi Pembangunan Surabaya (ITPS).
- Institut Teknologi Adhi Tama Surabaya (ITATS).
- Institut Informatika Indonesia (IKADO).
- Sekolah Tinggi Pariwisata " Satya Widya " Surabaya.
- Sekolah Tinggi Ilmu Ekonomi Indonesia Surabaya.
- Sekolah Tinggi Ilmu Ekonomi Perbanas Surabaya (STIE Perbanas)
- Sekolah Tinggi Ilmu Ekonomi IBMT Surabaya
- Universitas Wijaya Putra (UWP) Surabaya.
- Universitas Widya Kartika Surabaya (UWIKA)
- Universitas W.R.Supratman (Unipra) Surabaya.
Ekonomi & Sosial [sunting]
Kreteg Suramadu [sunting]
Panganan Khas [sunting]
Mangga Kapurih Ugi Mriksani [sunting]
Cathetan Suku [sunting]
- ^ a b c d e f g h i j k l m cendy.student.umm.ac.id(diunduh tanggal 7 juni 2011)
- ^ a b c www.surabaya.go.id/profilkota (diunduh tanggal 6 Juni 2011)
- ^ [1]"website UNAIR"
- ^ [2]"website ITS"
- ^ [3]"website UNESA"
- ^ [4]"website IAIN Sunan Ampel"
- ^ [5]"website Universitas Trunojoyo"
- ^ [6](diunduh tanggal 7 juli 2011)
Pranala njaba [sunting]
|
|||||||
|
||||||||||||||||||
|
|
|
|||||||
|---|---|---|---|---|---|---|---|---|
| Kutha | Provinsi | Populasi | Kutha | Provinsi | Populasi | |||
| 1 | Jakarta | DKI Jakarta | 9.607.787 | Kutha Surabaya |
7 | Depok | Jawa Kulon | 1.738.570 |
| 2 | Surabaya | Jawa Wétan | 2.765.487 | 8 | Semarang | Jawa Tengah | 1.555.984 | |
| 3 | Bandung | Jawa Kulon | 2.394.873 | 9 | Palembang | Sumatra Kidul | 1.455.284 | |
| 4 | Bekasi | Jawa Kulon | 2.334.871 | 10 | Makassar | Sulawesi Kidul | 1.338.663 | |
| 5 | Medan | Sumatra Lor | 2.097.610 | 11 | Tangerang Kidul | Banten | 1.290.322 | |
| 6 | Tangerang | Banten | 1.798.601 | 12 | Bogor | Jawa Kulon | 950.334 | |
