Jakarta
|
|||
| Motto: "Jaya Raya" (Basa Indonesia): "Jaya lan Agung" |
|||
| Dina dadi | 22 Juni 1527 | ||
| Ibu kutha | Jakarta | ||
| Gubernur | Joko Widodo | ||
| Wilayah - Total: |
740,28 km² |
||
| Daerah Tk. II - Cacah: |
5 Kotamadya lan 1 Kabupatèn |
||
| Pedunung - Total (2004): - Kapadhetan: |
8.792.000 16.667/km² |
||
| Suku bangsa | Betawi (+/-10%), Jawa, Sundha, Tionghoa (10%), dll. | ||
| Agama | Islam, Kristen, Buddha, dll. | ||
| Basa | Indonesia, Betawi, Jawa, Sundha, dll. | ||
| Zona wektu | (WIB) | ||
| Maskot | Elang Bondol | ||
| Lagu kedaerahan | tidak ada | ||
Jakarta punika ibukitha negari Républik Indonesia lan kitha ing pulo Jawi ingkang paling ageng. Jakarta kagungan pedunung cacahipun 10 yuta jiwa. Nanging wonten ing tlatah Jakarta Raya utawi Jabotabek cacahipun pedunung langkung saking 17 yuta.
Jakarta ugi naté dipun wastani Sundha Kelapa, Jayakarta, Jacatra, Batavia lan Betawi. Sanèsipun kitha, Jakarta punika ugi satunggaling provinsi Indonesia.
Dasar hukum tumrap DKI Jakarta inggih punika Undhang-Undhang Republik Indonesia Nomer 29 Taun 2007], perkawis Pemerintahan Provinsi Daerah Khusus Ibukota Jakarta minangka ibu kitha Negara Kesatuan Republik IndonesiaNKRI. UU punika nggantosaken UU Nomer 34 Taun 1999 perkawis Pemerintahan Provinsi Daerah Khusus Ibukota Negara Republik Indonesia Jakarta sarta UU Nomer 11 Taun 1990 perkawis Susunan Pemerintahan Daerah Khusus Ibu kota Negara Republik Indonesia Jakarta ingkang kalih-kalihipun sampun boten ka-anggé malih.
Jakarta gadhah status satingkat provinsi lan dipunpimpin déning satunggaling gubernur. Bènten kaliyan provinsi sanès, Jakarta namung anggadhahi pamérangan ing sangandhapipun arupi kitha administratif lan kabupatèn administratif, ingkang maknanipun boten gadhah perwakilan rakyat piyambak. Kanthi makaten, DKI Jakarta namung gadhah DPRD Provinsi lan boten gadhah DPRD Kabupatèn/Kitha.
Daftar Daérah Tingkat II [sunting]
- Jakarta Lor (Kitha Administratif Jakarta Lèr)
- Jakarta Kulon (Kitha Administratif Jakarta Kilèn)
- Jakarta Pusat (Kitha Administratif Jakarta Pusat)
- Jakarta Wétan (Kitha Administratif Jakarta Wétan)
- Jakarta Kidul (Kitha Administratif Jakarta Kidul)
- Kabupatèn Kapuloan Seribu (Kabupatèn Administratif Kepulowan Sèwu)
Pranala jawi [sunting]
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.
|
||||||||||||||||||||||||||
|
||||||||||||||||||||||||||||||