Kutha Tangerang Kidul
- Kanggé kagunan sanès saking Tangerang, pirsani: Tangerang
Koordinat : - |
|
|
|
|
| Provinsi | Banten |
| Ibukutha | {{{ibukota}}} |
| Jembar | 210.49 km² |
| Pedunung | |
| · Cacahé | 1.241.441 jiwa |
| · Kapadhetan | 5.911 jiwa/km² |
| Pamérangan administratif | |
| · Kecamatan | 7 |
| · Désa/kelurahan | |
| Dhasar hukum | UU No. 32/2007 |
| Tanggal | 29 Oktober 2008 |
| Dina dadi | {{{hari jadi}}} |
| Walikutha | Shaleh M.T. (Pjs.) |
| Kodhe area telepon | 021 |
| APBD | {{{apbd}}} |
| DAU | Rp - |
| Suku bangsa | {{{suku bangsa}}} |
| Basa | {{{bahasa}}} |
| Agama | {{{agama}}} |
| Flora resmi | {{{flora}}} |
| Fauna resmi | {{{fauna}}} |
| Zona wektu | {{{zona waktu}}} |
| Bandhar udhara | {{{bandar udhara}}} |
|
Situs web resmi: - |
|
Kutha Tangerang Kidul iku salah siji kutha ing Provinsi Banten, Indonesia. Kutha iki diresmèkaké déning Menteri Dalam Negeri Indonesia, Mardiyanto, tanggal 29 Oktober 2008. Kutha Tangerang Kidul dumunung ing bagéan wétan Provinsi Banten lan sacara administratif dumadi saka 7 (pitu) kecamatan, 49 (patang puluh sanga) kelurahan lan 5 (lima) désa kanthi jembar wilayah 147,19 Km2. Miturut "Kabupaten Tangerang Dalam Angka Taun 2007/2008", ambané wilayah kecamatan-kecamatan sing dumunung ing Kutha Tangerang Kidul (sing banjur dijupuk dadi ambané wilayah kutha Tangerang Kidul) iku ana 150,78 Km2 déné miturut Kompilasi Data kanggo Penyusunan RTRW Kutha Tangerang Kidul ya iku 147,19 Km2 kanthi princèn ambané saben kecamatan sing béda uga. Angka sing dipigunakaké ya iku 147,19 Km2 amarga miturut Undhang-undhang Nomer 51 Taun 2008 ngenani Pembentukan Kutha Tangerang Kidul ing Propinsi Banten. Wates wilayah Kutha Tangerang Kidul ya iku: • Sisih lor wewatesan karo Provinsi DKI Jakarta & Kutha Tangerang • Sisih wétan wewatesan karo Provinsi DKI Jakarta & Kutha Depok • Sisih kidul wewatesan karo Kabupaten Bogor & Kutha Depok • Sisih kulon wewatesan karo Kabupaten Tangerang
Bab lan Paragraf |
Sajarah [sunting]
Wilayah iki minangka pamekaran saka Kabupatèn Tangerang. Rencana pamekaran iki wiwitané saka warga ing wilayah kidul kanggo nyejahterakaké masyarakat. Ing taun 2000, sawetara tokoh saka kecamatan-kecamatan wiwit nyebut-nyebut Cipasera minangka wilayah otonom. Warga ngrasa kurang dipigatèkaké déning Pamaréntah Kabupatèn Tangerang saéngga akèh fasilitas sing kapiran.
Tanggal 27 Desember 2006, Dewan Perwakilan Rakyat Daerah Kabupatèn Tangerang nyetujoni anané Kutha Tangerang Kidul. Calon kutha otonom iki dumadi saka pitung kecamatan, yakuwi, Ciputat, Ciputat Timur, Pamulang, Pondok Arèn, Cisauk, lan Setu. Wilayah iki pedunungé watara 966.037 jiwa.
Wates wilayah Kabupatèn Tangerang karo calon Kutha Tangerang Kidul banjur
Pamérangan administratif [sunting]
Kutha Tangerang Kidul dumadi saka 7 kecamatan, sing dipérang manèh dadi sawetara kelurahan. Sadurungé Tangerang Kidul minangka bagéyan saka wilayah Kabupatèn Tangerang, sabanjuré ditetepaké minangka kutha ing tanggal 29 Oktober 2008.
Kutha Tangerang Kidul dumadi saka:
Daerah-daerah otonomi sing diresmèkaké ing tanggal sing padha yakuwi:
- Kabupatèn Mesuji, ing Lampung.
- Kabupatèn Tulang Bawang Kulon, ing Lampung.
- Kabupatèn Pringsewu, ing Lampung.
- Kutha Gunung Sitoli, ing Sumatra Lor.
- Kabupatèn Nias Lor, ing Sumatra Lor.
- Kabupatèn Nias Kulon, ing Sumatra Lor.
- Kabupatèn Tambrauw, ing Papua Kulon.
- Kabupatèn Pulo Morotai, ing Maluku Lor.
- Kabupatèn Intan Jaya, ing Papua.
- Kabupatèn Deiyai, ing Papua.
- Kabupatèn Sabu Raijua, ing Nusa Tenggara Wétan.
- Kutha Tangerang Kidul, ing Banten.
Owah-owahan jeneng dalan [sunting]
- Dalan Pondok Betung Raya = Dalan Sultan Iskandar
- Dalan Raya Jombang = Dalan H. Amir Machmud
- Dalan Jelupang - Pondok Jagung = Dalan Letjen. S. Parman
- Dalan Pondok Kacang - Parigi = Jl. Raya Tentara Pelajar
- Dalan Ciater - Serua = Dalan Suharto
- Dalan Pagedangan - Serpong = Dalan Pajajaran
- Dalan Akses Tol Pondok Aren = Dalan HOS Cokrominato
- Dalan Cirendeu Raya = Dalan H. M. S. Minaredja, S.H
- Dalan Puspitek - Pamulang Dua = Dalan Veteran
- Dalan Raya Serpong = Dalan Mahar Martanegara
Deleng uga [sunting]
Referensi [sunting]
Pranala jaba [sunting]
- Portal Berita Tangerang
- http://www.tempointeraktif.com/hg/nasional/2008/10/29/brk,20081029-142906,id.html
- http://www.kontan.co.id/index.php/Nasional/news/2900/Daerah_Kian_Berkembang__12_Kabupaten_Berdiri_
- http://beritasore.com/2008/10/29/dpr-setuju-pembentukan-12-kabupatenkota-baru/
- Situs Resmi Pemerintah Kota Tangerang Selatan
- Tangsel
- Portal Berita Terdepan Tangerang Selatan
- Tangsel Raya
- Artikel di tempointeraktif.com
- Portal Berita Pertama Tangerang Selatan
- Hj. Airin Rachmi Diany, SH, MH
|
|||||
|
||||||||||||||||||
|
|
|
|||||||
|---|---|---|---|---|---|---|---|---|
| Kutha | Provinsi | Populasi | Kutha | Provinsi | Populasi | |||
| 1 | Jakarta | DKI Jakarta | 9.607.787 | Kutha Tangerang Kidul |
7 | Depok | Jawa Kulon | 1.738.570 |
| 2 | Surabaya | Jawa Wétan | 2.765.487 | 8 | Semarang | Jawa Tengah | 1.555.984 | |
| 3 | Bandung | Jawa Kulon | 2.394.873 | 9 | Palembang | Sumatra Kidul | 1.455.284 | |
| 4 | Bekasi | Jawa Kulon | 2.334.871 | 10 | Makassar | Sulawesi Kidul | 1.338.663 | |
| 5 | Medan | Sumatra Lor | 2.097.610 | 11 | Tangerang Kidul | Banten | 1.290.322 | |
| 6 | Tangerang | Banten | 1.798.601 | 12 | Bogor | Jawa Kulon | 950.334 | |