Sunan Muria
Sunan Muria dilairaké kanthi asma Radèn Umar Said utawa Radèn Said[1]. Radèn Said menika putra saking Sunan Kalijaga kaliyan Dèwi Sarah[1]. Piyambakipun dhaup kaliyan Dèwi Soejinah, putri Sunan Ngudung, ugi mbakyu saking Sunan Kudus[1]. Radèn Said dipunjuluki Sunan Muria menika saking wilayah syiaripun inggih menika (Gunung Muria)[1], ingkang dumunung ing sisih lor kutha Kudus, Jawa Tengah, panggenan Sunan Muria dipunsarèkakén.[1]
Pasareanipun Sunan Muria [sunting]
Sunan Muria dipunsarékaken ing puncaking bukit Muria.[2] Saking gerbang mlebet makam taksih minggah tlundhakan dhateng komplék makamipun, makamipun mapan persis ing wingkingipun Masjid Sunan Muria.[2] Awit minggah ngantos latar masjid kinten-kinten 750 meter tebihipun.[2]
Sasampunipun mlebet ing gerbang pasaréan, ketingal pelataran pasaréan dipunpepaki déning 17 watu nisan.[2] Pasaréan-pasaréan kasebat menika pasaréanipun para tamtama lan para punggawa.[2] Ing wates sisih lér plataran menika wonten wangunan cungkup makam ingkang nginggilipun ngangge sirap kalih tingkat ingkang wonten salebetipun wonten pasaréanipun Sunan Muria.[2]
Karya Sunan Muria [sunting]
Karya ingkang dipunasilaken Sunan Muria inggih menika[1]:
cathetan suku [sunting]
|
|||||