Sunan Ampèl
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
(Dipunpindhah saking Sunan Ampel)
Sunan Ampèl utawa Sunan Ampel ing mangsa cilikan asmané Radèn Rahmat, lan dikira-kira miyos ing taun 1401 ing Champa. Ana loro panemu ngenani lokasi Champa iki. Encyclopedia Van Nederlandesh Indie nyatakaké yèn Champa iku siji negeri cilik sing dumunung ing Kamboja. Panemu liya, Raffles nyatakaké yèn Champa dumunung ing Acèh sing saiki jenengé Jeumpa. Miturut sawetara riwayat, wong tuwa Sunan Ampèl yaiku Ibrahim Asmarakandi asal saka Champa lan dadi raja ing kana. Jroning Serat Darmo Gandhul, Sunan Ampèl disebut Sayyid Rahmad minangka keponakan saka Putri Champa (Jeumpa?) permaisuri Prabu Brawijaya.
Silsilah[sunting]
- Sunan Ampel @ Raden Rahmat @ Sayyid Ahmad Rahmatillah bin
- Maulana Malik Ibrahim @ Ibrahim Asmoro bin
- Syaikh Jumadil Qubro @ Jamaluddin Akbar Khan bin
- Ahmad Jalaludin Khan bin
- Abdullah Khan bin
- Abdul Malik Al-Muhajir (Nasrabad,India) bin
- Alawi Ammil Faqih (Hadhramaut) bin
- Muhammad Sohib Mirbath (Hadhramaut)
- Ali Kholi' Qosam bin
- Alawi Ats-Tsani bin
- Muhammad Sohibus Saumi'ah bin
- Alawi Awwal bin
- Ubaidullah bin
- Ahmad al-Muhajir bin
- Isa Ar-Rumi bin
- Muhammad An-Naqib bin
- Ali Uraidhi bin
- Ja'far ash-Shadiq bin
- Muhammad al-Baqir bin
- Ali Zainal Abidin bin
- Imam Husain bin
- Ali bin Abi Thalib lan Fatimah az-Zahra bin Muhammad
Rujukan[sunting]
- Johannes Jacobus Ras, Hikayat Banjar terjemahan dalam Bahasa Malaysia oleh Siti Hawa Salleh, Percetakan Dewan Bahasa dan Pustaka, Lot 1037, Mukim Perindustrian PKNS - Ampang/Hulu Kelang - Selangor Darul Ehsan, Malaysia 1990.
|
|||||