Pagunungan Menorèh
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
(Dipunpindhah saking Menoreh)
Bagian utara Peg. Menoreh dideleng saka Candhi Barabudhur.
Pagunungan Menorèh iku kawasan pagunungan/pabukitan sing mbentang ing wilayah lor-kulon Kabupatèn Kulonpraga, sisih wétané Kabupatèn Purwareja, lan sebagéyan Kabupatèn Magelang; sekaligus dadi wates alamiah kanggo katelu kabupatèn kasebut. Pabukitan iki kawangun saka watu karang lan dudu vulkanik, mujur wiwit saka wilayah Bagelèn ngalor nganti tekan sisih kulon Kutha Magelang.
Pabukitan Menorèh dikenal jroning sajarah minangka basis pertahanan Pangeran Diponegoro bebarengan karo para pengiringé jroning Perang Jawa (1825–1830) nglawan Hindhia-Walanda.