Grabag, Magelang

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Kecamatan Grabag
Kabupaten
Kabupaten Magelang
Camat
---
Wewengkon
---
Pedunung
---
Desa/Kelurahan
---/---

Bab lan Paragraf

[sunting] Prakata

Kecamatan Grabag iku salah siji kecamatan ing kabupaten Magelang, provinsi Jawa Tengah, Indonesia. Kecamatan Grabag wewatesan langsung karo kecamatan Secang lan kecamatan Pringsurat (sisih kulon), kecamatan Tegalrejo (sebelah selatan), kecamatan Ngablak (sisih wétan) lan Kabupaten Semarang (sisih lor).

Ing taun 80-an wilayan iki misuwur minangka pangasil jeruk grabag utawa jeruk keprok, senadyan sabeneré jeruk iki luwih akèh dikasilaké ing wilayah Ngablak. Masakan kupat tahu uga asalé saka kecamatan iki.

Kanthi kontur wilayah sing arupa bukit-bukit, sebagéan gedhé pedunung golèk panguripan saka tetanèn. Sebagéan sawah éntuk pengairan amarga wilayaah Grabag minangka hulu Kali Elo sing mili ing sisih wétan kutha Magelang. Ing wilayah Grabag iki ana sawijining sumber banyu (tuk) gedhé sing jenengé Tuk Mas, minangka sumber utama banyu kanggo PDAM Kutha Magelang. Ing sacedhaké tuk mau uga ana Prasasti Tuk Mas sing dianggep patilasan krajan Mataram Kuna.

Grabag uga nduwèni pemandian banyu panas sing jenengé Candhi Umbul, grojogan Sekarlangit, lan hotèl bintang lima ing désa Losari (Losari coffee plantation). Kasenian dhaérah sing isih dipepetri antara liya: kubra siswa, jathilan, jaran képang, lan kethoprak. Saben taun werna-wernai kasenian kasebut tansah ditampilaké jroning pawai kamardikan.

[sunting] Desa-Desa

  1. Baléagung
  2. Banaran
  3. Banjarsari
  4. Banyusari
  5. Citrasana
  6. Cakra
  7. Giriwétan
  8. Grabag
  9. Kalikuta
  10. Kalipucang
  11. Kartaharja
  12. Ketawang
  13. Klegen
  14. Kleteran
  15. Lebak
  16. Losari
  17. Ngasinan
  18. Ngrancah
  19. Pesidi
  20. Pucungsari
  21. Salam
  22. Sambungreja
  23. Seworan
  24. Sidagedhé
  25. Sugihmas
  26. Sumurarum
  27. Tirta
  28. Tlagareja

[sunting] Pranala jaba

[sunting] Deleng Uga

Kabupatèn Magelang


 

Grabag, Magelang, Jawa Tengah

Désa-désa: Baléagung | Banaran | Banjarsari | Banyusari | Citrasana | Cakra | Giriwétan | Grabag | Kalikutha | Kalipucang | Kartaharja | Ketawang | Klegen | Kleteran | Lebak | Losari | Ngasinan | Ngrancah | Pesidi | Pucungsari | Salam | Sambungreja | Seworan | Sidagedhé | Sugihmas | Sumurarum | Tirta | Tlagareja

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Grabag,_Magelang&oldid=611559"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès