Gunung Sumbing

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Gunung Sumbing

Gunung Sumbing kuwi sawijining gunung kang ana ing pulo Jawa, Indonesia. Gunung Sumbing dhuwèni elevasi 3,336 meter lan dhuwé kawasan alas Dipterokarp Bukit, alas Dipterokarp Atas, alas Montane, lan alas Ericaceous utawa alas gunung. Sebagéan wilayah ing gunung iki wis dipigunakaké kanggo lahan tetanèn. Ing pucuké gunung iki duwé kawah kang isih aktif.

Idhèntifikasi[sunting | sunting sumber]

  • Jeneng  : Gunung Sumbing
  • Jeneng kawah  : Kawah Sumbing
  • Lokasi  : Désa Pager Gunung, Kecamatan Tjepit, Kabupatèn Temanggung
  • Wilayah  : Kabupatèn Temanggung, Magelang, Wonosobo lan Purworejo.
  • Kutha kang paling cedhak  : Temanggung (Lor-wétan), Parakan (Lor), Wonosobo (Kulon), lan Magelang (Kidul-wétan).
  • Tipe gunung  : Gunung geni strato tipe B
  • Pos pengamatan  : Désa Genting Sari, Parakan-Temanggung kang dhuwuré lokasi 950 m ing sandhuwuré lumahing segara.

Munggah gunung[sunting | sunting sumber]

Gunung Sumbing iku gunung kang dhuwuré nomer loro ing Jawa Tengah.[1] Gunung Sumbing dhuwuré 3.371 méter ing sandhuwuré lumahing segara.[1] Gunung Sumbing adhep-adhepan karo Gunung Sindoro.[1] Gunung Sumbing lan Gunung Sindoro diarani gunung kembar.[1] Ana rong jalur kanggo munggah ing Gunung Sumbing.[1] Jalur kang sepisanan saka Base Camp Garung kang manggon ing désa Garung, kecamatan Kalikajar, kabupatèn Wonosobo lan Base Camp Ceput kang manggon ing désa Pagergunung, kecamatan Buku, kabupatèn Temanggung.[1]

Para pamunggah gunung iki kuduné ngurmati panduduk ing dhaérah sakupengé gunung.[1] Para pamunggah gunung uga ora éntuk ngrusak tanduran, ngrusak kebon pedunung, ora misuh, ora pipis ing sabarang panggonan, yèn nguripké geni kudu ati-ati supaya ora njalari kobong, kudu sopan, ora angkuh, ramah, lan ora sambat.[1]

Zaroh[sunting | sunting sumber]

Saben tanggal 1 suro taun Jawa lan tanggal 21 Pasa para pedunung akèh sing ziarah menyang Gunung Sumbing.[2] Gunung iki dipercaya dadi pasaréyané Ki Ageng Makukuh.[2] Miturut kapercayan para warga, supaya slamet lan ora kena bebaya, bocah-bocah kang rambuté gimbal banjur ora dikethok.[2]

Masarakat ing èrèng-èrèngé Gunung Sumbing seneng banget marang kasenian tradhisional kayata kethoprak lan jaran képang.[2] Kasenian iki kerep dipèntasaké ing saben désa.[2]

Saliyané pasaréyané Ki Ageng Makukuhan ana uga panggonan zaroh liyané.[2] Panggonan zaroh iki diarani pasaréyan Ki Ageng.[2] Pasaréyan Ki Ageng manggon ing sisih wétan lan ing sangisoré tebing lan watu.[2] Ing lokasi pasaréyan ana wit endong wulung lan wit kecubung wulung.[2] Wit iki wis urip pirang-pirang taun lan dadi tetenger pasaréyan.[2] Tetenger liyané yaiku guwa ing èrèng-èreng watu.[2] Ing guwa iki dipercaya papan panggonan Ki Ageng kanggo semèdi nganti mati.[2]

Saben malem selikuran akèh sing zaroh kang munggah ing gunung.[2] Sing padha zaroh umumé saka désa-désa ing èrèng-èrèngé Gunung Sumbing kayata èrèng-èrèng Wanatirta, Pagergunung, Tlagamulya, Gandasuli lan désa-désa ing sakupengé gunung.[2] Tujuwané zarah yaiku kanggo ngirim donga kanggo sukma leluhur khususé Ki Ageng Mangkukuhan.[2] Sawisé ziarah para pedunung njupuk banyu welirang. Banyu welirang iki diperaya bisa nambah kekuwatan awak.[2]

Lokasi[sunting | sunting sumber]

Gunung Sumbing manggon ing sakidul-kuloné kutha Temanggung lan ing sisih wétané kutha Wonosobo.[3]

Pariwisata[sunting | sunting sumber]

Ing èrèng-èrèngé Gunung Sumbing, yaiku ing salah sawijining désa ing kecamatan Bulu, ana panggonan wisata sing ramé. Laladan pariwisata iki diarani Puncak Wanatirta.[4] Dhuwuré puncak Wonotirto yaiku 1.900-2.000 m ing sandhuwuré lumahing segara.[4]

Misteri wit walitis[sunting | sunting sumber]

Wit walitis ing alas rasamala dadi wit kang paling gedhé ing èrèng-èrèngé gunung Sumbing lan Sindoro.[5] Alas iki manggon ing désa Jetis, kecamatan Selopampang.[5] Dhuwuré wit iki nganti 30 meter, lan dawané bunderan wit nganti 7,5 meter.[5] Kanggo ngubengi wit mbutahaké enem wong diwasa kang tangan loro kekaroné dirangkulaké ing wit.[5]

Miturut masarakat, wit iki asalé saka tongkat pandhèrèk wali kang jenengé Ki Ageng Makukuhan kang dituncepaké ing lemah.[5] Dhaérah Walitis iki nduwèni panorama alam kang éndah lan hawa gunung kang seger.[5]

Ing alas iki uga urip tanduran kang jenengé Rasamala.[5] Mulané kawasan iki diarani alas Rasamala. Tanduran lan alas iki ora bisa kobong yèn kena geni.[5] Ambané dhaérah kang dithukuli wit rasalama kurang luwih 1,5 hektar. Para wisatawan kudu mlaku ing dalan setapak kang leté 1,5 saka wit walitis.[5]

Chatetan sikil[sunting | sunting sumber]

  1. ^ a b c d e f g h (id)id.merbabu.com(diundhuh tanggal 26 Mei 2011)
  2. ^ a b c d e f g h i j k l m n o p (id)suaramerdeka.com(diundhuh tanggal 26 Mei 2011)
  3. ^ (id)temanggungkab.go.id(diundhuh tanggal 26 Mei 2011)
  4. ^ a b (id)wisata.kompasiana.com(diundhuh tanggal 26 mei 2011)
  5. ^ a b c d e f g h i (id)republika.co.id(diundhuh tanggal 26 Mei 2011)

Delengen uga[sunting | sunting sumber]

Pranala njaba[sunting | sunting sumber]

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Gunung_Sumbing&oldid=821957"