Escherichia coli
| Escherichia coli | |
|---|---|
| Klasifikasi èlmiah | |
| Domain: | Bacteria |
| filum: | Proteobacteria |
| kelas: | Gammaproteobacteria |
| ordo: | Enterobacteriales |
| kulawarga: | Enterobacteriaceae |
| Genus: | Escherichia |
| Species: | E. coli |
| Jeneng binomial | |
| Escherichia coli (Migula 1895) Castellani and Chalmers 1919 |
|
| Sinonim | |
|
Bacillus coli communis Escherich 1885 |
|
Escherichia coli, utawi saged dipunringkes E. coli, inggih menika salah satunggalipun spesies utami baktèri gram negatif.[1] E. Coli menika salah setunggalipun bakteri ingkang gesang wonten ing usus kéwan lan jalmi ingkang boten mbebayani.[1] [2] Bakteri menika saged mbiyantu pencernaan wonten ing ususipun manungsa.[2] Bakteri E. Coli ingkang paling mbebayani dipunsebat 0157: H7 amargi ngasilaken racun ingkang banget laranipun lan saged damel mriang menawi wonten ing panganan utawi ombenan.[1] Panganan ingkang boten dipunresiki rumiyin kanthi sae kados bayem, selada, godhong bawang, utawi iwak dhendheng ingkang boten mateng saged ngakibataken infeksi bakteri menika.[1] Saged ugi kanthi konthak langsung antawisipun tiyang kalih ingkang astanipun boten resik. Ngunjuk susu ingkang boten dipunpasteurisasi ugi saged nyebabaken infeksi bakteri E. Coli.[1]
Gejalanipun Infeksi Escherichia Coli [sunting]
Gejalanipun tiyang kénging inféksi bakteri menika inggih menika diaré lan weteng lara.[1] Biasanipun nembé ngraosaken sasampunipun tigang ngantos sekawan dinten sasampunipun kénging inféksi bakteri Escherichia Coli.[1] Laré ingkang umuripun nembé gangsal tahun lan tiyang ingkang sampun sepuh gampil kénging bakteri menika. Inféksi saged nyebar dhateng sél-sél dharah abrit lan ginjal. Èfèk jangka panjangipun inggih menika ginjal saged risak lan tiyang menika saged séda.[1]
Cathetan suku [sunting]
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.