Fosil
Fosil yaiku kabeh sisa, tipak, utawa cethakan saka manungsa, kéwan, tanduran, kang kaawetake ing sajroning watu saka wektu geologi utawa prasejarah ing jaman biyen.[1][2] Isa diarani fosil yen umure wis ewunan taun.[2] Kanggo dadi fosil, sisa kewan lan tandhuran iku mau kudu katutup sedimen.[3]
Jenise Fosil [sunting]
Fosil ana pirang-pirang jenis, antarane yaiku :
1. Fosil kang arupa fragmen
Fosil jenis iki wujude fragmen kang isa owah lan ana uga kang tetep ora owah saka bentuk asline.
2. Fosil kang ora malih
Jenis fosil iki ora ana owah-owahane, tetep kaya bentuk awale.
3. Fosil kang owah
Ing fosil iki, wis ana owah-owahane, owah-owahane mau arupa:
- Permineralisasi : bagian saka organisme ana kang kaisi mineral sekunder saka njaba.
- Replacement : material kang asli wis diganti dening material sekunder ing sajeroning fosil.
- Rekristalisasi : material kang alus ing mineral asli nyusun meneh ing njero kristal kang luwih gedhe tinimbang material sadurunge.
4. Fosil tipak
Fosil tipak dibedake dadi:
- rack, trail lan burrow
Track yaiku tipak kang arupa telapak, trail iku tipak kang arupa seretan, burrow iku tipak kang arupa dhudhukan saka organisme.
- Mold, Cast, dan Imprint
Mold iku cethakan saka fosil kang larut kabeh, cast iku mold kang diisi mineral sekunder kang mbentuk mirip kaya fosil asli.
- Cuprolite
Cuprolit iku fosil kang arupa telek kewan. Saka telek iki isa diteliti apa panganan, panggon urip, lan ukurane.
- Fosil kimia
Fosil kimia iku fosil kang arupa bentuk kima ing jaman purba, kaya tipak asam organik.
5. Fosil indeks Fosil indek iku fosil kang digunakake kanggo nuduhake wektu geologi. Fosil iki ana 2, yaiku:
- Fosil kang nduweni wektu dawa: fosil ana ing jaman-jaman watu kang urut.
- Fosil kang nduweni wektu cendhak: fosil kang ana mung sawetara wektu, utawa ing sajaman watu, utawa mung ana ing sebagian jaman.
Cathetan Suku [sunting]
- ^ (id)www.artikata.com
- ^ a b (id)Pengertian Fosil(diundhuh tanggal 26 Maret 2011)
- ^ Palmer, Douglas. Buku saku:Fosil;alih bahasa,Yulin Lestari. Jakarta:Erlangga,2002.