Laksamana
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Gambar:Ph tni-al bin4.jpg
Tandha pangkat ing sragam dinas pedinan
Laksamana iku istilah jroning Basa Indonésia asal saka Basa Melayu, yaiku panglima tertinggi ing segara’’. Kayadéné nalika dianggo ing mangsa Sultan Iskandar Muda (1593-1636) ing Kasultanan Acèh sing nduwèni panglima angkatan segara wanita Laksamana Malahayati. Hang Tuah, sing diduga asal saka Kapulauan Riau[rujukan?], dihikayataké jroning Sastra Melayu dadi sawijining laksamana ing Krajaan Malaka ing abad ka-14.
Angkatan Laut Indonésia [sunting]
Ing TNI Angkatan Laut, Laksamana minangka jenjang kapangkatan paling dhuwur, setara karo Jenderal ing TNI Angkatan Dharat utawa Marsekal ing TNI Angkatan Udhara. Penyandang pangkat iki nganggo tandha pangkat kanthi bintang papat ing pundhak.
Tingkatan pangkat [sunting]
| Bintang | Jeneng pangkat | Basa Inggris | Padanan karo |
Padanan karo |
Padanan karo |
|---|---|---|---|---|---|
| 1 bintang | Laksamana Pertama | First Admiral | Rear Admiral (Lower Half) | Commodore | Contre-amiral |
| 2 bintang | Laksamana Muda | Rear Admiral | Rear Admiral (Upper Half) | Rear Admiral | Vice-amiral |
| 3 bintang | Laksamana Madya | Vice Admiral | Vice Admiral | Vice Admiral | Vice-amiral d'escadre |
| 4 bintang | Laksamana | Admiral | Admiral | Admiral | Amiral |
| 5 bintang | Laksamana Besar | Grand Admiral | Fleet Admiral | Admiral of the Fleet |