Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Panglima Tentara Nasional Indonesia (Panglima TNI) kuwi jabatan pemimpin Tentara Nasional Indonesia. Panglima TNI diangkat lan dipungkasi déning Presidhèn kanthi pasetujon DPR. Jabatan Panglima TNI bisa diwengku sacara genti-gentèn déning Perwira Tinggi aktif saka saben Angkatan kang isih mengku utawa tau dadi Kepala Staf angkatan. Panglima TNI wektu iki diwengku déning Jendral TNI Djoko Santoso, asal saka TNI Angkatan Dharat.
Tugas lan kuwajiban Panglima TNI [sunting]
- mimpin TNI;
- nglaksanakaké kawicaksanan pertahanan negara;
- nyelenggarakaké strategi militer lan ngayahi operasi militer;
- ngembangaké doktrin TNI;
- nyelenggarakaké penggunaan kakuwatan TNI kanggo kapentingan operasi militer;
- nyelenggarakaké pembinaan kakuwatan TNI sarta ngreksa kasiagaan operasional;
- mènèhi pertimbangan marang Mentri Pertahanan ing babagan panetepan kawicaksanan pertahanan negara;
- mànàhi pertimbangan marang Mentri Pertahanan ing babagan panetepan kawicaksanan pamenuhan kabutuhan TNI lan komponen pertahanan liyané;
- mènèhi pertimbangan marang Mentri Pertahanan jroning nyusun lan nglaksanakaké perancangan strategis pengelolaan sumber daya nasional kanggo kapentingan pertahanan negara;
- migunakaké komponen cadhangan sawisé dimobilisasi kanggo kapentingan operasi militer;
- migunakaké komponen pendhukung kang wis disiapaké kanggo kapentingan operasi militer; sarta
- nglaksanakaké tugas lan kuwajiban liyané miturut peraturan perundhangan.
Dhaptar pejabat Panglima TNI [sunting]
Delengen uga [sunting]
Pranala njaba [sunting]