Kapuloan Nusa Tenggara
| Geografi | |
|---|---|
| Lokasi | Asia Tenggara |
| Koordinat | |
| Kapuloan | Kapuloan Sunda |
| Negara | |
|
Indonesia
|
|
| Provinsi | Bali, Nusa Tenggara Kulon, Nusa Tenggara Wétan |
|
Timor Leste
|
|
Kapuloan Nusa Tenggara utawaKapuloan Sunda Kecil (saiki kadhangkala dianggo jroning péta-péta geografis donya), iku gugusan pulo-pulo ing sisih wétan Pulo Jawa, wiwit saka Pulo Bali ing sisih kulon, nganti Pulo Timor ing sisih wétan. Pulo Wetar sing dadi bagéan saka wilayah Provinsi Maluku sacara geologis uga kalebu jroning kapuloan Nusa Tenggara.
Sacara administratif, Kapuloan Nusa Tenggara kalebu wilayah negara Indonésia, kajaba bagéan wétan Pulo Timor kalebu wilayah negara Timor Leste.
Ing wiwitan kamardikan Indonésia, kapuloan iki minangka wilayah Provinsi Sunda Kecil sing ibu kuthané ing Singaraja, saiki dumadi saka 3 provinsi. ya iku: Bali, Nusa Tenggara Kulon, lan Nusa Tenggara Wétan.
Bab lan Paragraf |
Etimologi [sunting]
Ing taun 1950-an Mentri Pendhidhikan lan Kabudayan Moh. Yamin njenengaké Kapuloan Sunda Kecil dadi Kapuloan Nusa Tenggara sing maknané "Nusa" (pulo, kapuloan) sing dumunung ing tenggara Indonésia.[1]. Saiki jeneng "Nusa Tenggara" dipigunakaké déning rong dhaérah administratif: Provinsi Nusa Tenggara Kulon lan Nusa Tenggara Wétan.
Pulo-pulo utama [sunting]
Bali [sunting]
Nusa Tenggara Kulon [sunting]
Nusa Tenggara Wétan [sunting]
- Pulo Komodo
- Pulo Flores
- Pulo Palue
- Pulo Adonara
- Pulo Solor
- Pulo Lomblen (Pulo Lembata)
- Pulo Pantar
- Pulo Alor
- Pulo Sumba
- Pulo Timor
- Pulo Sawu
- Pulo Rote