Pulo Adonara
|
|
Artikel punika pinuju ngalami éwah-éwahan ageng ngantos 28 Pebruari 2013 Kanggé nyegah konflik panyuntingan, nyuwun tulung supados boten nyunting artikel punika nalika pesen punika taksih wonten. Kaca punika pungkasan dipunsunting déning Legobot (Kontrib • Log) 65 dinten 98 menit kapungkur. |
|
Artikel pelatihan Papat Limpad 2012 punika perlu dipunrapèkaken supados miturut dhumateng standhar Wikipédia |
Pulau Adonara tampak dari pesawat ulang-alik, 1983. Letusan tampak dari gunung berapi Ili Boleng. |
|
| Geografi | |
|---|---|
| Lokasi | Kapuloan Sunda Kecil |
| Kapuloan | Kapuloan Solor |
| Pucuk paling dhuwur | 1.659 m (5.443 kaki) |
| Negara | |
|
Indonesia
|
|
| Propinsi | Nusa Tenggara Timur |
Pulo Adonara inggih punika salah satunggaling pulo ing Indonèsia ingkang dumunung ing Kapuloan Nusa Tenggara, ing sisih wetanipun Pulo Flores. Miturut cathetan administratipipun,Pulo Adonara kalebet wilayah Kabupaten Flores Timur, Propinsi Nusa Tenggara Timur, Indonèsia.[1] Adonara inggih kalebet salah satunggaling pulo utama ing kapuloan wilayah Kabupaten Flores Timur.
Geografi [sunting]
Ambanipun Pulo Adonara kirang langkung 509 km², kanthi titik paling inggil 1.676 m.[2] Watesanipun Pulo Adonara ing sisih lor wonten Laut Flores, ing sisih kidul wonten Selat Solor ingkang dados pedhotaning Pulo Adonara kaliyan Pulo Solor), sarta ing sisih kulon wonten Selat Lowotobi ingkang dados pedhotaning Pulo Adonara kaliyan Pulo Flores. PuloAdonara inggih bageyan saking Kabupaten Flores Timur kanthi pusat dhaerah ing kabupatenipun inggih Larantuka. Dènè Kabupatèn Flores Timur piyambak kapèrang dados tigang (3) bageyan inggih punika, Flores Daratan (ingkang mapan ing pucuk wetan Pulo Flores), Pulo Adonara, lan Pulo Solor. Pulo Adonara kaperang dados 8 kecamatan, inggih punika:
Dawanipun Pulo Adonara inggih kirang langkung 30 km, lan ambanipun kirang langkung 18 km. Pulo Adonara inggih kalebet pulo paling ageng ing Kepuloan Sunda Kecil ingkang urut nomer 13. Jinising lemah ing pulo punika inggih kalebet siti vulkanik kanthi sekedhik kapur coralline ing sisih kilen dumugi lor lan arupi dhaerah aluvium ing sisih kidul dumugi kilen. [2] Gunung ingkang taksih aktif ing pulo punika inggih Gunung Ile Boleng kanthi dhuwuripun 1.659 m. Ing sakitering dhaerah pegunungan wonten bukit kanthi kathah jurang ingkang jero. Iklimipun ing pulo punika inggih iklim hutan hujan tropis kanthi deresipun jawah saged ngantos 90%. Lembabipun dhaerah inggih saged ngantos 1.000-2.000 mm ing sasi Nopember lan Maret. Dènè musim kemarau saking wulan April dumugi Oktober.Tetanduran ingkang kathah dipuntanem ing dhaerah punika inggih jinising kacang.
Pendhudhukipun [sunting]
Saperangan ageng masarakat ing Pulo Adonara pakaryanipun inggih dados tani amargi kahanan geografisipun ingkang mekaten. Tetanen ingkang dipungarap dening masarakat ing Pulo Adonara inggih tetanen ing wilayah garing. Dènè asling tetanen ing pulo punika inggih kadosta jagung, kenthang, ubi, tela, klapa, tembakau, vanili, coklat lan cengkeh.
