Perang Pasifik
| Perang Pasifik | |||||||||
|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|
| Bagéan saka Perang Donya II | |||||||||
Pesawat Amérika Sarékat mabur ing sadhuwuring kapal perang Jepang, Mikuma, sing kobong. |
|||||||||
|
|||||||||
| Pihak sing kalibat | |||||||||
| Komandhan | |||||||||
Perang Pasifik, sing dikenal ing Jepang kanthi jeneng Perang Asia Timur Raya (大東亜戦争) lan ing Tiongkok minangka Perang Perlawanan Terhadap Agresi Jepang) (kang-Ri zhanzheng), kedadéyan ing Samudra Pasifik, pulo-puloné, lan ing Asia. Konflik iki kedadéyan antara taun 1937 lan 1945, nanging prastawa-prastawa sing luwih wigati kedadéyan sawisé 7 Desember 1941, nalika Jepang nyerang Amérika Sarékat sarta wilayah-wilayah sing dikuwasani Britania Raya lan akèh negara liyané.
Perang iki diwiwiti luwh dhisik saka Perang Donya II yaiku ing tanggal 8 Juli 1937 déning sawijining insiden sing disebut Insiden Kreteg Marco Polo Prastawa kasebut ngobaraké paprangan antara Tiongkok karo Jepang.Konflik antara Jepang lan Tiongkok lan sawetara prastawa lan serangané sing wigati uga dadi bagéyan saka perang kasebut. Perang iki kedadéyan antara Jepang lan pihak Sekutu (klebu Tiongkok, Amérika Sarékat, Britania Raya, Filipina, Australia, Walanda lan Selandia Anyar). Uni Soviet kasil ngalahaké Jepang ing taun 1939, lan tetep netral nganti 1945, nalika mainaké peranan wigati ing pihak Sekutu ing mangsa-mangsa pungkasan perang.
Thailand, sawisé dijajah ing taun 1941, dipeksa gabung karo pihak Jepang. Jerman Nazi lan Italia uga sekutu Jepang, lan angkatan laut-é ngayahi operasi ing Samudra Pasifik lan Hindia antara taun 1940 lan 1945.
Antara taun 1942 lan 1945, ana papat wilayah otorita Sekutu sing perang nglawan Jepang: Tiongkok, wilayah Samudra Pasifik, Asia Kidul-wétan lan wilayah Pasifik Kidul-kulon.
Perang Pasifik rampung ing tanggal 15 Agustus 1945 lan prejanjèn nyerahé Jepang ditanpakasmani déning wakil saka sekutu yaiku Jendral Douglas McArthur lan Jepang diwakili déning Mamoru Shigemitsu ing sadhuwuring kapal USS Missouri
Akibat Perang Pasifik [sunting]
Sawetara akibat saka Perang sing kedadéyan antara taun 1937 nganti 1945 iki:
- Kekalahan agawé Jepang kélangan wilayah jajahan kayadéné Manchuria, Koréa, Asia Kidul-wétan lan dhaérah mandat ing kapuloan Pasifik sing diwènèhaké ing pungkasan Perang Donya I.
- Sawetara negara sing sadurungé dijajah déning negara-negara Eropah kasil mardika kaya Indonesia.
- Kaisar Jepang kélangan status minangka déwa. Amérika Sarékat minangka pamenang perang ing Pasifik ora kepéngin ngadhili Hirohito, kaisar Jepang wektu semana. Amérika Sarékat mbutuhaké dhaérah penyangga (buffer) kanggo nahan arus pengaruh komunisme amarga Rusia wis tekan kawasan wétan Asia.
- Jepang ora diidinaké nduwèni angkatan perang, kajaba pasukan béla dhiri.