Gerakan Non-Blok
Gerakan Non-Blok (GNB) (basa Inggris: Non-Aligned Movement/NAM) kuwi sawijining organisasi internasional sing dumadi saka luwih saka 100 negara-negara sing ora nganggep nduwèni aliansi karo utawa marang blok kakuwatan gedhé sing endi waé. Tujuan saka organisasi iki, kaya sing kacetha ing Deklarasi Havana taun 1979, yakuwi kanggo njamin "kamardikan, kadhaulatan, integritas teritorial, lan kaamanan negara-negara nonblok" jroning perjuangan nentang imperialisme, kolonialisme, neo-kolonialisme, apartheid, Zionisme, rasisme lan wangun agresi militèr liyané, pendhudhukan, dominasi, interferensi utawa hegemoni lan nentang werna-werna wangun blok pulitik.[1] Mereka merepresentasikan 55 persen penduduk dunia dan hampir 2/3 keangotaan PBB. Negara-negara yang telah menyelenggarakan konferensi tingkat tinggi (KTT) Non-Blok termasuk Yugoslavia, Mesir, Zambia, Aljazair, Sri Lanka, Kuba, India, Zimbabwe, Indonesia, Kolombia, Afrika Kidul lan Malaysia.
Anggota-anggota wigati antara liya Yugoslavia, India, Mesir, Indonesia, Pakistan, Kuba, Kolombia, Venezuela, Afrika Kidul, Iran, Malaysia, lan kanggo siji mangsa, Republik Rakyat Cina. Senadyan organisasi iki dimaksudaké supaya dadi aliansi sing raket kayadéné NATO utawa Pakta Warsawa, negara-negara anggotané ora naté nduwèni karaketan kaya sing dikarepaké lan akèh anggotané sing sidané diajak aliansi déning salah siji negara-negara adidaya kasebut. Upamané, Kuba nduwèni hubungan sing cedhak karo Uni Soviet ing mangsa Perang Dingin. Utawa India sing nduwèni pasekuton karo Uni Soviet kanggo nglawan Tiongkok sajroning sawetara taun. Luwih luwih manèh, ana sawetara anggota malah kalibat konflik karo anggota liyané, kaya umpamané konflik antara India karo Pakistan, Iran karo Irak. Gerakan iki tau pecah nalika Uni Soviet nginvasi Afghanistan ing taun 1979. Nalika kuwi, kabèh sekutu Soviet ndhukung invasi, sauntara kuwi anggota GNB, utamané negara kanthi mayoritas muslim, ora mungkin amarga anané prajanjèn nonintervensi.
Bab lan Paragraf |
Sajarah [sunting]
Tembung "Non-Blok" dikenalaké pisanan déning Perdhana Mentri India Nehru jroning pidatoné taun 1954 ing Colombo, Sri Langka. Jroning pidato kuwi, Nehru njlèntrèhaké limang pilar sing bisa digunakaké minangka pedoman kanggo gawé relasi Sino-India sing disebut Panchsheel (lima pengendali). Prinsip iki banjur digunakaké minangka basis saka Gerakan Non-Blok. Limang prinsip kasebut yakuwi:
- Saling ngurmati integritas teritorial lan kadhaulatan.
- Prajanjèn non-agresi
- Ora ngintervensi urusan jeron negeri negara liya
- Kasetaraan lan kauntungan bebarengan
- Naga perdamaian
Gerakan Non-Blok dhéwé diwiwiti saka sawijining [[Konferensi Tingkat Tinggi Asia-Afrika|konferensi sing dianakaké ing Bandung, Indonesia, taun 1955. Ing konferensi iki, negara-negara sing ora mihak marang blok tinamtu ndéklarasèkaké ora mèlu cawé-cawé jroning konfrontasi ideologi Kulon-Wétan. Pendhiri saka gerakan iki yakuwi limang pemimpin donya: Josip Broz Tito presidhèn Yugoslavia, Soekarno presidhèn Indonesia, Gamal Abdul Nasser presidhèn Mesir, Pandit Jawaharlal Nehru perdhana mentri India, lan Kwame Nkrumah saka Ghana.
Gerakan iki naték"elangan kredibilitas ing pungkasan taun1960-an nalika anggota-anggotané wiwit kapecah lan gabung marang Blok liya, utamané Blok Wétan. Muncul pitakonan kepriyé sawijining negara sing bersekutu karo Uni Soviet kaya Kuba bisa ngeklaim minangka sawijining negara nonblok. Gerakan iki sabanjuré kapecah ing mangsa invasi Soviet marang Afghanistan taun 1979.
Patemon GNB [sunting]
Sacara normal, patemon GNB dianakaké saben telung taun sepisan. Negara sing tau dadi tuan omah KTT GNB antara liya: Yugoslavia, Mesir, Zambia, Aljazair, Sri Lanka, Kuba, India, Zimbabwe, Indonesia, Kolombia, Afrika Kidul, lan Malaysia. Biasané sawisé nganakaké konferensi, kepala negara utawa kepala pamaréntahan sing dadi tuan omah konferensi kuwi bakal dadi ketua gerakan kanggo mangsa jabatan telung taun.
Papan lan tanggal KTT GNB [sunting]
- KTT I – Beograd, 1 September 1961 – 6 September 1961
- KTT II – Kairo, 5 Oktober 1964 – 10 Oktober 1964
- KTT II – Lusaka, 8 September 1970 – 10 September 1970
- KTT IV – Algiers, 5 September 1973 – 9 September 1973
- KTT V – Kolombo, 16 Agustus 1976 – 19 Agustus 1976
- KTT VI – Havana, 3 September 1979 – 9 September 1979
- KTT VII – New Delhi, 7 Maret 1983 – 12 Maret 1983
- KTT VIII – Harare, 1 September 1986 – 6 September 1986
- KTT IX – Beograd, 4 September 1989 – 7 September 1989
- KTT X – Jakarta, 1 September 1992 – 7 September 1992
- KTT XI – Cartagena de Indias, 18 Oktober 1995 – 20 Oktober 1995
- KTT XII – Durban, 2 September 1998 – 3 September 1998
- KTT XIII – Kuala Lumpur, 20 Februari 2003 – 25 Februari 2003
- KTT XIV – Havana, 11 September 2006 – 16 September 2006[2]
Sekretaris Jendral [sunting]
Anggota [sunting]
Negara-negara anggota: Afganistan | Afrika Kidul | Aljazair | Angola | Antigua lan Barbuda | Arab Saudi | Bahama | Bahrain | Bangladesh | Barbados | Belarus | Belize | Benin | Bhutan | Bolivia | Botswana | Brunei | Burkina Faso | Burundi | Chad | Chili | Djibouti | Dominika | Republik Dominika | Ekuador | Mesir | Guinea Khatulistiwa | Eritrea | Ethiopia | Gabon | Gambia | Ghana | Grenada | Guatemala | Guinea | Guinea Bissau | Guyana | Honduras | India | Indonesia | Iran | Jamaika | Kamboja | Kamerun | Kenya | Kolombia | Komoro | Republik Kongo | Republik Demokratis Kongo | Koréa Lor | Kuba | Kuwait | Laos | Libanon | Lesotho | Liberia | Libya | Madagaskar | Malawi | Maladewa | Malaysia | Mali | Mauritania | Mauritius | Mongolia | Maroko | Mozambik | Myanmar | Namibia | Nepal | Nikaragua | Niger | Nigeria | Oman | Pakistan | Palestina | Panama | Pantai Gading | Papua Nugini | Peru | Filipina | Qatar | Republik Afrika Tengah | Rwanda | Saint Lucia | Saint Vincent lan Grenadines | Sao Tome lan Principe | Senegal | Seychelles | Sierra Leone | Singapura | Somalia | Sri Lanka | Sudan | Suriname | Swaziland | Suriah | Tanjung Verde | Tanzania | Thailand | Timor Timur | Togo | Trinidad lan Tobago | Tunisia | Turkmenistan | Uganda | Uni Emirat Arab | Uzbekistan | Vanuatu | Venezuela | Vietnam | Yaman | Yordania | Zambia | Zimbabwe
Negara-negara pemantau: Armenia | Azerbaijan | Brasil | El Salvador | Kazakhstan | Kosta Rika | Kroasia | Kirgizstan | Meksiko | Montenegro | Republik Rakyat Cina | Serbia | Ukraina | Uruguay
Organisasi pemantau: Uni Afrika | Liga Arab | PBB |}
Rujukan [sunting]
- ^ Fidel Castro speech to the UN in his position as chairman of the nonaligned countries movement 12 October 1979 "For this reason we agreed in Havana to reaffirm that the quintessence of the nonalinement policy, in accordance with its original principles and fundamental nature, is the struggle against imperialism, colonialism, neocolonialism, apartheid, racism, including Zionism."
‡Pakistan & Non-Aligned Movement, Board of Investment - Government of Pakistan, 2003 - ^ Official Website of 14th Summit Conference
Pranala jaba [sunting]
- (en) Situs resmi
- (en) Sejarah Gerakan Non-Blok