Vereenigde Oostindische Compagnie

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Log VOC

VOC cekakan saka Vereenigde Oostindische Compagnie iku firma Walanda sing diadegaké tanggal 20 Maret 1602.[1] Tembung Walanda Vereenigde Oost-Indische Compagnie iku tegesé "Sarékat Dagang Hindhia-Wétan".[2] Firma dagang iki diarani Wétan amarga uga ana VWC utawa sarékat dagang kulon.[3] Firma iki sing kapisan ngetokaké saham.[3] VOC nduwe cabang-cabang,kang cacahe 6 (Kamers) ing Amsterdam, Midlleburg (khusus Zealand), Enkhuizen, Delfi, Hoorn, lan Rotterdam. [4] Delegasi sakaruang iki ngumpul minangka Heeren XVII (XVII Tuan-Tuan).Kamers nyumbang delegasi ing pitulas pada karo proporsi modale sing dibayarke;delegasi Amsterdam cacahe wolu.[5] Ana ing Indonesia,VOC nduwe sebutan populer Kompeni utawa Kumpeni.[5] Istilah iki dijupuk saka tembung Compagnie ing njerone jeneng jangkep perusahaan iku ing basa Walanda.[5] Nanging rakyat Nuswantara luwih kenal yen Kompeni kuwi tentara Walanda merga sering gawe rakyat cilaka saka kabeh penindasan kang dilakokake.[5]

Tujuane VOC[sunting | sunting sumber]

Tujuan utamane VOC diadegake yaiku kababar saka perundingan 15 Januari 1602 yaiku kanggo “nimbulake bencana marang para musuh lan kanggo keamanan tanah air”.[3] Sing dimaksud musuh nalika iku yaiku Portugal lan Spanyol sing nalika wayah Juni 1580 nganti Desember 1640 ngabung dadi siji kakuwatan sing arep ngrebut dominasi perdagangan ing Asia.[3] Kanggo sawetara waktu, kanthi VOC bangsa Walanda isih nganakake hubungan apik karo masyarakat Nusantara.[3]

Hak istimewa[sunting | sunting sumber]

Sanadyan sejatine VOC kuwi salah sijining organisasi kang ngurusi adol-tinuku,nanging nduweni kaistimewaan merga entuk dukungan saka negara lan diwenehi fasilitas-fasilitas sing istimewa.[6] Tuladhane wae VOC entuk nduwe tentara,entuk nganakake negosiasi marang negara liya, kaya dene negara njroning negara.[6] Hak-hak istimewa sing kapacak ana ing Oktrooi (Piagam/Charta) tanggal 20 Maret 1602 kalebu ing njerone yaiku [6] :

  • Hak monopoli kanggo adol tinuku lan mayang ana ing wilayah sisih wetan Tanjung Harapan lan sisih kulon Selat Magelhaens sarta nguasani perdagangan kanggo kepentingane dhewe;
  • Hak kedaulatan (soevereiniteit) saengga bisa nglakokake tindakan kaya-kaya hake negara kayata:
  1. ngrumat angkatan perang,
  2. maklumake perang lan nganakake perdamaian,
  3. ngrebut lan njagongi dhaerah-dhaerah asing ing luar Nagari Walanda,
  4. merintah dhaerah-dhaerah kasebut,
  5. netepake/ngetokake mata-uang dhewe, lan
  6. mungut pajek.
Salah sijining saham Perusahaan Hindia Wetan Walanda, tanggal 7 November 1623, kanggo jumlah 2.400 florin

Bubare VOC[sunting | sunting sumber]

Ana ing pertengahan abad ka-18,VOC ndadak dibubarake dening pemerintah Walanda.[4] Bubare VOC jalaran alesan ing ngisor iki [4]:

  • Akeh pegawe VOC sing curang lan nindakake korupsi
  • Akeh biayakang dienggo lan jarang ana sumber pendapatan. Biaya kang diwetokake yaiku biaya kanggo paprangan nglawan perjuangan kaum pribumi. Tuladhane perang nglawan Hasanuddin saka kerajaan Gowa
  • Akeh biaya kanggo nggaji pegawe mergane kekuasaan nuswantara sing jembar mesti butuh pegawe akeh lan wragad kanggo mbayar pegawenen mau.
  • Pembayaran Devident (keuntungan) kanggo kang nyekel saham melu nggawe abot sawise pemasukan VOC suda akeh
  • Tambahe saingan dagang ing Asia utamane Inggris lan Perancis
  • Pangowahan kondhisi politik ing Walanda merga ngadege Republik Bataaf 1795 sing demokratis lan liberal sing nganjurake perdagangan bebas.

Nganggo alesan ing dhuwur mau tanggal 31 Desember 1799 dalah 136,7 juta gulden lan pasugihan sing diditinggal arupa kantor dagang, gudang, benteng, kapal sarta dhaerah kekuasaan ing Indonesia[7][6].

Cathetan Suku[sunting | sunting sumber]

  1. ^ netsains.com(dipunundhuh tanggal 23 mei 2011)
  2. ^ www.blimbing.nl(dipunundhuh tanggal 23 Mei 2011)
  3. ^ a b c d e (id)www.scribd.com(dipunundhuh tanggal 23 mei 2011)
  4. ^ a b c (id)Mencicipi petualangan - Sejarah rempah-rempah www.economist.com The Economist, 17 Desember 1998](dipunundhuh tanggal 23 mei 2011)
  5. ^ a b c d (en)Saham tertua di dunia (VOC 1606)(dipunundhuh tanggal 23 Mei 2011)
  6. ^ a b c d id.shvoong.com(dipunundhuh tanggal 23 Mei 2011)
  7. ^ (id)www.wikimu.com(dipunundhuh 23 mei 2011)